Hyorin
| Hyorin | |
|---|---|
| Lair | 11 Januari 1991 (umur 22) |
| Asal | Incheon, Korèa Kidul |
| Génré | Pop, R&B, hip hop, dance |
| Label | Starship Entertainment |
| Hyorin | |
|---|---|
| Hangeul | 김효정 |
| Hanja | 金孝晶 |
| Alih Aksara sing disampurnakaké | Gim Hyo Jeong |
| McCune–Reischauer | Kim Hyo Chǒng |
| Jeneng panggung | |
| Hangeul | 효린 |
| Hanja | 孝潾 |
| Alih Aksara sing disampurnakaké | Hyorin |
| McCune–Reischauer | Hyorin |
Kim Hyo Jung (Hangul: 김효정), lair 11 Januari 1991, luwih dikenal kanthi jeneng panggung Hyorin (Hangul: 효린) yaiku idol saking Korea Kidul, Dhéwéké bisa nembang lan main pilm, nanging luwih dikenal minangka leader utawa kang mandegani, vokalis utama, penari boyband Sistar.
Bab lan Paragraf |
Biografi[sunting]
Hyorin lair surya kaping 11 Januari 1991 ing Incheon, Korèa Kidul. Cilikané nalika isih bayi, dhéwéké lemah banget.
Maret 2011, Nalika Hyorin dadi tamu ing acara TV Korèa Strong Heart, dhéwéké ngendika yen dhéwéké lair prematur kanthi bobot 4.2kg. Nalika ibuké ngandhut, ana banyu kang mlebu ing wetenge Hyorin, kuwi kang njalari dheweke lair prematur. Manahé rusak amarga empedu ora bisa disalurke lumantar usus, pungkasané dheweke dioperasi, senajan peluang kanggo urip mung cilik, pungkasané Hyorin bisa tahan nganti 10 jam.
Setaun sakwisé kuwi, dhéwéké didiagnosis Intussusception lan dioperasi.[1]
Karir[sunting]
Taun 2010 Hyorin debut bareng Sistar, kanthi tembang "Push Push".[2]
Wiwitané taun 2011, Hyorin lan Bora manggung minangka sub-group Sistar19 kanthi tembang "Ma Boy".[3] Hyorin tampil ing variety show "Immortal Song 2" saka Juni tekan Sèptèmber ing taun kuwi.[4] Ing episode Pilot, jalaran vokalé kang apik dhéwéké oleh pemenang utama. Jalaran suarané lan penampilan ing panggung kang apik, dhéwéké diarani Beyoncé dening penyanyi-penyanyi Korèan.
Filmography[sunting]
Penampilan ing Tv[sunting]
| Taun | Irah-Irahan | Paraga |
|---|---|---|
| 2010 | Bouquet Ep 19 | Awake Dhéwé |
| 2011 | Strong Heart Ep 67 | Awake Dhéwé |
| 2011 | Running Man Ep 75 | Herself[5] |
| 2012 | Pit-a-Pat Shake | Awake Dhéwé |
| 2012 | Running Man Ep 95 | Awake Dhéwé |
Drama TV[sunting]
| Taun | Irah-Irahan | Paraga |
|---|---|---|
| 2012 | Dream High Season 2 | Nana |
Cathetan Suku[sunting]
- ^ Infancy. Allkpop.com (2011-03-15). Retrieved on 2012-07-24.
- ^ Debut. Allkpop.com (2010-06-04). Retrieved on 2012-07-17.
- ^ 전설 및 아이돌가수 | 자유 선언 토요일 《KBS》. 2011-06-18 확인.
- ^ Hyorin sheds tears after her last ‘Immortal Song 2′ performance. Allkpop.com (2011-09-11). Retrieved on 2012-07-24.
- ^ Running Man. Allkpop.com. Retrieved on 2012-07-24.