Hwachae
Hwachae (화채) yaiku ombenan tradisional kas Korea kang digawe saka sari woh-wohan.[1][2] Bahan-bahan kang digunakake kanggo gawe hwachae yaiku woh stroberi, persik lan jeruk.[1] Sari kang digunakake kanggo bahan pemanis ing antarane omija (jinis woh tanduran liar), madu, lan woh herbal.[1] Hwachae diwenehi rerenggan pelengkap kayata bunga azalea nalika mangsa semi, kelopak kembang mawar nalika mangsa ketiga lan woh pir ing mangsa gugur.[1] Rerenggan woh utawa kembang uga bisa diganti nganggo roti beras utawa mi saka pati kang bergizi.[1] Omija luwih disenengi amarga duweni rasa legi lan kecut lan duweni kasiat nambahi energi.[1] Kanggo maksimalake rasa wohe, omija dogodhog mula ngasilake rasa kecut lan pait.[1]
Ing mangsa gugur, hwachae digawe nganggo sari jeruk kang legi.[1] Bahan geganepe yaiku kethokan woh jeruk lan pir, banjur diwenehi gula utawa madu minangka pemanise.[1] Minangka rerenggan , uga ditambahi woh-wohan kayata kacang cemara.[1] Jinis ombenan hwachae liyane yaiku sunchae (lili banyu), waegamja (telo jepang), pokbunja (beri ireng), sansa (tanduran hawthorn abang), karyeon (lotus), lan tuchung (tlutuh perca cina).[1]