Hutomo Mandala Putra
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 70 dinten 306 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
|
Hutomo Mandala Putra
|
|
|
|
|
| Lair | 15 Juli 1962 (umur 50) |
|---|---|
| Pasangan | Ardhia Pramesti Regita Cahyani (1997-2006) |
| Anak | Dharma Mangkuluhur Gayanti Hutami |
Hutomo Mandala Putra (lair 15 Juli 1962; umur 50 taun;[1]ang luwih dikenal kanthi jeneng Tommy Soeharto) iku salah siji putra mantan Prèsidhen Indonésia kang kapindho, Soeharto.[2] Tommy uga tau dadi atlit balap mobil.
Bab lan Paragraf |
Kuluwarga [sunting]
Tommy nikah karo Ardhia Pramesti Regita Cahyani (Tata) nalika taun 1997. Saka dhaupe karo Tata, pasangan iki nduweni anak loro, yaiku: Dharma Mangkuluhur lan Gayanti Hutami. Tata dan Tommy pepisahan ing sasi September 2006.
Kasus [sunting]
Saka taun 2002 tekan 2006, Tommy dikunjara amarga dheweke katut pidhana melu ngrencanakake mateni Hakim Agung Syafiuddin Kartasasmita nalika 26 Juli 2001. Dheweke katut amarga pistol lan pluru kang digunakake kanggo mateni Syafiuddin Kartasasmita iku padha karo sing dinduweni Tommy. Dheweke uga kanthi sengaja lunga supaya ora kecekel.[2]
Tommy dicekel ing sasi Nopember 2001 lan wiwit diukum nalika tanggal 16 Agustus 2002. Wiwitane Tommy dikunjara ing Lembaga Permasyarakatan (LP) Batu, Pulo Nusakambangan, nanging wiwit tanggal 3 April 2006, dheweke dipindhah ing Lembaga Permasyarakatan Narkotika Cipinang. [2]
Nalika sasi Juni 2005, Mahkamah Agung menehi remisi marang Tommy saka sasuwene 15 taun ukuman dadi 10 taun ukuman kunjara. Awit divonis ing taun 2002 tekan Nopember 2005, Tommy uga entuk remisi kaping enem, yen dijumlahake ana 20 sasi. Kalebu limang sasi nalika diana Kamardhikan lan nem minggu ing Riyaya Idul Fitri nalika taun 2006. Kanthi jumlah iku mau, Tommy isa metu saka kunjara ing sasi Oktober 2008.[2]
Dheweke bebas bersyarat nalika tanggal 30 Oktober 2006 lan diwajibake melu pengawasan lan pembinaan ing Balai Permasyarakatan Salemba nganti ukumane rampung.[2]
Catatan kaki [sunting]
- ^ Tanggal lahir tidak pasti; ada yang menyebut 12 Agustus namun ada pula sumber yang menyebut 15 Juli
- ^ a b c d e Hutomo Mandala Putra(diundhuh tanggal 23 September 2012)
Pranala luar [sunting]
- (id) "MA Kurangi 5 Tahun Hukuman Tommy Soeharto", detikNews, 24 Juni 2005
- (id) "Hukuman Tommy Soeharto Dikurangi, Jadi 10 Tahun", KOMPAS, 25 Juni 2005
- (id) "Pagi ini, Tommy Soeharto Bebas", KOMPAS, 30 Oktober 2006
- (id) "Belum Ada Tanda-tanda Pembebasan Tommy", KOMPAS, 30 Oktober 2006
|
||||||||||||||||||||||||||||||||