Hubungan internasional

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Hubungan Internasional, utawa kerep dicekak HI, kuwi cawang saka èlmu pulitik, arupa studi bab persoalan-persoalan manca negara lan isu-isu global antarané negara-negara jroning sistem internasional, kalebu peran negara-negara, organisasi-organisasi antar pamaréntah, organisasi-organisasi non pamaréntah utawa lembaga swadaya masyarakat, lan perusahaan-perusahaan multinasional. Hubungan Internasional kuwi sawijining bidang akademis lan kawicaksanan publik kang sifaté positif utawa normatif amarga Hubungan Internasional nyoba nganalisis sarta ngrumusaké kawicaksanan manca negara saka negara-negara tinamtu. Saliyané èlmu pulitik, hubungan internasional uga migunakaké werna-werna bidang èlmu kaya déné ékonomi, sajarah, hukum, filsafat, geografi, sosiologi, antropologi, psikologi, studi-studi budaya jroning kajian-kajiané. HI uga nyakup rentang isu kang amba, wiwit globalisasi lan dampak-dampaké marang masyarakat lan kadhaulatan negara, nganti kalestarèn ekologis, proliferasi nuklir, nasionalisme, perkembangan ekonomi, terorisme, kajahatan kang diorganisasèkaké, kaslametan umat manungsa, lan hak-hak asasi manungsa.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Sajarah hubungan internasional sering dianggep diwiwiti saka Perdamaian Westphalia ing taun 1648, nalika sistem negara modern dikembangaké. Sadurungé, organisasi-organisasi otoritas pulitik abad tengahan Eropah didhasaraké marang tatanan hirarkis kang ora cetha. Westphalia mbangun konsep legal bab kadhaulatan, kang maknané kuwasa, utawa kadhaulatan-kadhaulatan kang sah ora bakal ngakoni pihak-pihak liya kang duwé kalungguhan kang padha sacara internal jroning wates-wates kadhaulatan wilayah kang padha. Otoritas Yunani lan Roma kuna kadhangkala mèmper karo sistem Westphalia, ananging kaloroné ora duwé gagasan kadhaulatan kang mirunggan. Westphalia ndukung bangkité negara-bangsa (nation-state), institusionalisasi tumrap diplomasi lan tentara. Sistem kang asalé saka Eropah iki diekspor menyang Amérika, Afrika, lan Asia, liwat kolonialisme, lan “standar-standar peradaban”. Sistem internasional kontemporer pungkasané diwangun liwat dekolonisasi sajroning mangsa Perang Dingin. Nanging, sistem iki rada keladuk diprasajakaké. Sawetara sistem negara-bangsa dianggep “modern”, isih akèh negara kang ora kalebu jroning sistem kasebut lan banjur disebut minangka “pra-modern”. Luwih adoh, sawetara negara wis ngliwati tatanan sistem negara-bangsa kuwi lan dianggep “pasca-modern”. Tataran analisis jroning Hubungan Internasional yakuwi cara kanggo ngamati sistem internasional, kang nyakup tataran individual, negara-bangsa domestik, tataran internasional kang dumadi saka persoalan-persoalan transnasional lan internasional tataran global.

Téori hubungan internasional[sunting | sunting sumber]

(Artikel utama: Teori hubungan internasional)

Apa kang sacara eksplisit diakoni minangka téori hubungan internasional ora dikembangaké nganti sawisé Perang Donya I, lan dibahas sacara luwih rinci ing ngisoriki. Nanging, téori HI duwé tradhisi dawa migunakaké karya èlmu-èlmu sosial liyané.

Téori[sunting | sunting sumber]

Èpistemologi lan téori HI[sunting | sunting sumber]

Téori-téori utama Hubungan Internasional antara liya yauwi: Realisme, Neorealisme, Idealisme, Liberalisme, Neoliberalisme, Marxisme, Teori dependensi, Teori kritis, Konstruksivisme, Fungsionalisme lan Neofungsiionalisme.

Sacara umum, téori-téori HI bisa dipérang dadi rong tilikan epistemologis, yakuwi tilikan “positivis” lan “pasca-positivis”. Téori-téori positivis duwèni tujuan kanggo replikasi metode-metode èlmu-èlmu sosial kanthi nganalisis dampak kakuwatan-kakuwatan material. Téori-téori iki biasané difokusaké marang aspek kayadéné interaksi negara-negara, ukuran kakuwatan-kakuwatan militer, kaseimbangan kakuwasan lan liya-liyané. Epistemologi pasca-positivis nulak idé yèn donya sosial bisa disinaoni kanthi cara kang objektif lan bebas-nilai. Epistemologi iki nulak idé-idé sèntral bab neo-realisme/liberalisme, kaya téori pilihan rasional, kanthi alesan yèn metode ilmiah kuwi ora bisa ditrapaké jroning donya sosial lan anggepan yèn HI kuwi ora bisa dadi èlmu.

Teori-teori Positivis[sunting | sunting sumber]

Realisme Neorealisme

Teori-teori pasca-positivis/reflektivis[sunting | sunting sumber]

Téori-téori pascastrukturalis

Institusi-institusi dalam hubungan internasional[sunting | sunting sumber]

Persatuan Bangsa Bangsa[sunting | sunting sumber]

Delengen uga: PBB

PBB kuwi sawijining organisasi internasional minangka “himpunan global pamaréntah-pamaréntah kang mènèhi fasilitasi kerjasama jroning hukum internasional, kaamanan internasional, perkembangan ékonomi, lan kasetaraan sosial”. PBB minangka institusi internasional kang paling pinunjul. Akèh institusi legal duwèni struktur organisasi kang mèmper karo PBB.