Howard Hathaway Aiken
Howard Hathaway Aiken yaiku pencipta komputer kang wiwitan. [1]Howard Hathaway Aiken lair ing New Jersey, 9 Maret 1990.[1] Dheweke kuliyah ana ing University of Wisconsinlan lan entuk delar doktor ing Universitas Harvard.[1] Nalika dadi instruktur ing Departemen Fisika Harvard, Aiken angen-angen gawe sawijining komputer utawa mesin itung. [1]Sejatine, nalika kuwi wis ana mesin itung gaweane Hollerith, nanging mesin kuwi durung bisa ngrampungake itung-itungan kang ngandhut wilangan negatif.[1]
Taun 1937, Aiken mumpuni tulisan-tulisan Charles Babbage, sawijining ilmuwan gedhe kang sadurunge nemokake mesin itung digital kang dadi piranti kang paling misuwur ing ngremabakane komputer. [2]Kanthi tulungan IBM, Aiken kasil anggone gawe komputer kang wiwitan kanthi aran Automatic Sequence Controlled Calculator {ASCC). Komputer gaweane Aiken dhuwure 2,4 meter, dhawane 15,3 meter, lan bobote 35 ton. [2]Ing jerone ana kabel kang dhawane 800 kilometer lan 3 yuta saklar. [2]Komputere Aiken bisa ngrampungake soal cacah 23 kang ana gegayutane wilangan. [2]Kanggo ngrampungaek soal tambah-tambahan butuhake wektu 6 detik lan soal para gapit butuhake wektu 12 detik.[2] Aiken banjur nyempurnakake ASCC ing Universitas Harvard.[2] Ing kono, jenenge diganti dadi Harvard Mark I.[2] Komputer Harvard I iki dirampungake Aiken kanthi bebarengan karo telung insinyur liyane yaiku Durfee, Hamilton, lan Lake.[2] Aiken tinggal donya ing Missouri, Amerika Serikat, tanggal 14 Maret 1973. [2]