Hotel
Hotél tegesé papan kang ndhuweni mupangat kanggo nampung wong kang teka ing sawijiné dhaérah utawa wewangunan kang nyedhiani pondokan, panganan lan ombénan kanggo umum.[1] Hotél kang kapisanan pancen diciptaké kanggo nglayani masyarakat.[1].Hotel asal-usulé didelemg saka dasanama asalé saka tembung hostel, tembung iki kalebu basa Prancis kuno.[1].Sajarah Hotel madeg wiwit akhir abad 17.[1]
Hotél uga kagolong wewangunan kang nduweni akéh kamar kanggo diséwaké kanggo nginep.[2] Ing hotél uga ana restoran lan ana uga kang nyéwakaké gedhung kanggo pertemuan, kanggo nganténan lan kanggo rapat. [2]Hotel kalebu salah sawijining wujud akomodasi kang dadi pangkopenan kanthi cara komersial, disediaké kanggo sapa waé kang kepengin entuk pelayanan, kepengin nginep, mangan lan ngombé kanthi cara mbayar. [2] Hotel apung kalebu hotél nanging panginepan iki lokasiné ing pinggir kali, terusan utawa segara.[2] Hotel apung yaiku hotél kang ana ing ndhuwur kapal laut.[2] Hotel apung bisa pindhah-pindhah enggon awit ana ing ndhuwur kapal. [2]
Jinising [sunting]
- Hotel berbintang yaiku hotel kang susunané, pengaturané lan manajemené murwat miturut standar internasional ing tingkatan kang wis ditemtokaké.[2] Dené tingkatan mau bisa diarani:
- Hotél kota yaiku hotél kang manggon ing pusat kota lan akéh-akéhé kanggo nginep wisatawan.[2] Ana uga kang diarani melati hotel, melati hotél iki hotel kang nduwéni tarif sederhana, lan biayané bisa dijangkau masyarakat kang ekonominé mlebu golongan ekonomi lemah.[2]