Himeji
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 24 Maret 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 66 dinten 332 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Himeji (姫路市 Himeji-shi?) inggih menika kutha ing Jepang ingkang mapan wonten ing Pulo Honshu, sisih kilèn dhaérah Kansai, bagéyan barat daya Prefektur Hyogo. Kutha Himeji mulanipun kutha ingkang mekar ing underaning Astana Himeji. Kutha Himeji menika kutha inti ingkang ngurusi piyambak babagan pérangan tartamtu kadosta kasejahtraan, karesikan, lan pambangunan kutha. Nalika tanggal 27 Maret 2006, kutha Himeji dados langkung wiyar amargi gabung kalihan sapérangan kutha ingkang wonten ing sakiwa tengenipun. Ing kutha Himeji wonten kathah lembaga arta jinis Shinkin Bank (信用金庫 shinyō kinko?) ingkang nampi simpenan lan nyaluraken krèdit antar nasabah. Ing sajroning kutha Himeji wonten kantor pusat Himeji Shinyō Kinko, Banshū Shinyō Kinko, lan Hyōgo Shinyō Kinko.
Bab lan Paragraf |
Geografi [sunting]
Kutha Himeji menika mapan wonten ing tengahing Dataran Harima, mliginipun wonten ing sisih kilèn Prefektur Hyogo. Ing bagéyan wétan kutha mili Lèpèn Ichi, déné wonten ing tengahing kutha wonten Lèpèn Senba, lan Lèpèen Noda. Wonten ing sisih kilèn mili Lèpèn Yumesaki sarta Sungai Ōtsuma, lan Lèpèn Ibo wonten ing pinggir bagéyan kilèn. Sedata ilining toya muaranipun tumuju ing kidul ing dhaérah segara ingkang dipunsebat Harima-nada. Wonten ing tengahing kutha wonten Astana Himeji ingkang jumeneng ing sanginggiling gunung Hime. Ing bagéyan lèr wonten Gunung Hiromine lan Gunung Masui, déné ing bagéyan kilèn wonten Gunung Shosha. Jalur kereta Shinkansen, Jalur utama Sanyo, lan Jalan Raya Nasional angka 2 mbelah kutha saking kilèn mangétan. Iklim ing kutha Himeji dipunpengaruhi iklim Laut Pedalaman Seto kanthi sekedhik curah jawah lan suhu nalika énjing ing mangsa adhem menika andhap sanget.
Papan pariwisata [sunting]
- Astana Himeji (Warisan Donya UNESCO) [1] [2]
- Kuil Shoshazan (Engyōji)
- Kuil sekte Tendai ing pucuking Gunung Shosha, papanipun film The Last Samurai
- Taman tradisional Jepang Koko-en
- Taman safari Himeji Central Park
Festival [sunting]
- Yukata Matsuri (22-24 Juni)
- Sakakibara Masamine menika ngajak dhumateng para penduduk supados mirsani perayaan mangsa panas ing lingkungan Astana Himeji supados ngagem Yukata saéngga dipunsebat Yukata Matsuri.
- Oshiro-matsuri ing Astana Himeji (wiiwtan wulan Agustus)
- Festival Musim Gugur Banshu ingkang dipunwontenaken gabungan kuil Shinto ing kutha Himeji
- Nada no Kenka Matsuri (14-15 Oktober)
- Festival lentera Chōchin Matsuri (21-22 Oktober)
Cathetan suku [sunting]
- ^ (id) [repository.usu.ac.id/bitstream/123456789/29057/5/Abstract.pdf Istana Himeji], (dipunakses tanggal 5 Maret 2013)
- ^ (id) Istana Himeji di Jepang, (dipunakses tanggal 5 Maret 2013)