Hilary Swank
| Hilary Swank | |
|---|---|
| Asma wiyosan | Hilary Ann Swank |
| Miyos | 30 Juli 1974 (umur 37) |
| Pakaryan | Aktris Produser |
| Taun aktif | 1990–saiki |
| Sisihan | Chad Lowe (1997-2006) |
Hilary Ann Swank kondhang uga karo jeneng Hilary Swank ning masarakat (lair 30 Juli 1974; umur 37 taun) yakuwi aktris Amerika Serikat, karier film Hollywood mulai ning film Buffy the Vampire Slayer (nalika taun 1992), dheweké dadi kondhang sawisé menang Academy Award ning rong film dadi Brandon Teena, film Boys Don't Cry lan dadi Maggie Fitzgerald, ning film Million Dollar Baby. [1] Pindah saka Washington maring Los Angeles nalika umuré 16 taun, dheweké anduweni kasempatan main peran ning film kang judulé HARRY AND THE HENDERSON, ora namung kuwi, dheweké uga tau mainaké peran ning film liyané, kayata ning serial Tivi kang judulé EVENING SHADE (CBS) lan GROWING PAINS (ABC).[1] film mau kuwi diputer ning tivi awit taun 1991 nganti taun 1992, sadhurungé dheweké uga mainakaé peran ning film serial Tivi bebarengan karo Sarah Michel Gellar, film kasebut judulé BUFFY THE VAMPIRE SLAYER, diputer nalika taun 1992, Ning sajarah kauripané, Hilary Swank uga anduweni prestasi kang ora mbanggakaké dheweké bisa nyingkiraké ewunan aktris nalika ngrebutaké tokoh ning audisi film THE NEXT KARATE KID (1994).[1]
Watara taun 1992 nganti taun 1997 Swank mainaké peran ning serial TV kang judulé ABC, CAMP WILDER (ABC), SOMETIMES THEY COME BACK. . . AGAIN (1994), KOUNTERFEIT (1997), TERROR IN THE FAMILY, DYING TO BELONG (NBC, 1997) lan serial film LEAVING L.A. (1997), Aktingé bisa anggawe masarakat kesengsem lan seneng nalika dheweké mainaké peran dadi single parent ning serial Tv kang kondhang kanthi judul Beverly Hills, 90210 (1997).[1]
Jenengé kang ora patiya kondhang, tansah misuwur lan dadi bahan omongan nalika dheweké meranaké Teena Brandon, wanita saka Nebraska kang luwih milih urip dadi priya ning film Boys Don't Cry (1999).[1] Film Boy, Don't Cry iki nyeritakaké kisah kang memang temenan anané.[1] Amarga kasiapané kang apik, akiré dheweké bisa meranaké, kanthi sukses lan bisa ngeraih panghargaan Academy Award kategori aktris paling apik.[1] Sakwisé olih panghargaan Academy Award, Swank olih tawaran kanggo main film.[1]
Kayata fim kang judulé The Gift kang diputer nalika taun 2000, film kang ngisahaké wanita kang ngalami kekerasan ning njeroning kauripan bebrayanan.[1] Banjur kuwi, dheweké uga mainaké peran ning film kang judulé The Affair of the Necklace, film kang diputer nalika taun 2001 iki ngisahaké babagan wanita Prancis kang dikurmati ning masarakat.[1] Bebarengan karo Al Pacino lan Robin William, dheweké mainaké peran ning film garapané Christopher Nolan kang judulé Insomnia, Dheweké uga bebarengan karo Aaron Eckhart, mainaké peran ning film fiksi ilmiah kang judulé The Core (2003).[1]
Amarga pangorbanané ning dunya hiburan kang ora sedelak kuwi, Swank olih panghargaan Golden Globe kanggo kategori aktris paling apil ning mini seri utawa film televisi amarga aktingé ning film produksi HBO, Iron Jawed Angels nalika taun [[2004, Disusul panampilané ning film Million Dollar Baby film garapan Clint Eastwood kang dirilis nalika taun 2004, dheweké meranaké petinju, amarga perané kang ora biasa mau, dheweké ngusahakaké kanggo mbentuk awaké supaya mbentuk lan berotot.[1] Amarga usahané kanggo menghayati perané dheweké ngeraih panghargaan saka Golden Globe maneh.[1]
Nalika taun 2006 Swank mulai melu dadi pandukung film The Black Dahlia, film filsi kang dirilis nalika taun 2006.[1] Film kasebut nyeritakaké babagan carita filsi babagan obsesi, cinta lan katamakan, Setaun sawisé kuwi, Swank mainaké peran maneh ning film kang judulé Freedom Writers, meranaké Erin Gruwell, guru saka California kang ngajara ning kelas multi rasial.[1] Dheweké uga mainaké peran ning film PS, I Love You dadi janda kang ditinggal mati dening garwané kang sawisé kuwi nemukaké sapuluh pesan saka garwané, kang isiné babagan cara supaya ngilangaké rasa sedhih lan ngelanjutaké urip anyar maneh.[1]
Taun 2011, Hilary Swank gagal muteraké filmé ning bioskop-bioskop.[2] Film kang didistribusikaké dening Exclusive Film Distribution kang rencanané bakal langsung dirilis kanthi bentuk DVD kuwi akiré gagal tayang.[2] Ananging meski gagal ditayangaké ning Amerika Serikat, film kang judulé The Resident kuwi bakal bisa ditayangaké kanthi bentuk teater ning negara-negara liyané.[2]