Hidetoshi Nakata
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Hidetoshi Nakata | ||
| Tanggal lair | 22 Januari 1977 (umur 36) | ||
| Papan lair | Kofu, Prefektur Yamanashi, Jepang | ||
| Dhuwur | 1,75 mèter | ||
| Posisi pamain | Glandhang | ||
| Karir remaja | |||
| 1986–1989 1989–1992 1992–1995 |
Hokushin Boys Soccer Club Kofu Kita Jr. H.S. Nirasaki H.S. |
||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps (Gls)† | |
| 1995–1998 1998–2000 2000–2001 2001-2004 2004 2004-2005 2005-2006 |
Bellmare Hiratsuka Perugia Roma Parma Bologna Fiorentina Bolton Wanderers |
85 (16) 48 (12) 30 (5) 67 (5) 17 (2) 26 (0) 16 (1) |
|
| Tim nasional | |||
| 1997–2006 | Jepang | 77 (11) | |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only. † Appearances (Goals). |
|||
Hidetoshi Nakata (中田 英寿 Nakata Hidetoshi; lair ing Kofu, Prefektur Yamanashi, Jepang, 22 Januari 1977; umur 36 taun) yaiku manten pemain bal-balan saka Jepang.[1] Nakata yaiku pemain saka Jepang kang paling misuwur lan uga dadi pemain Asia paling apik.[1] Main ana ing posisi glandhang, karier profesionalé kang nganti 11 taun, dhèwèké wis main ana ing negara Jepang, Italia lan Inggris.[1] Dhèwèké uga wis mbéla tim nasional bal-balan Jepang ana ing Piala Donya 1998, 2002, lan uga 2006.[1]
Biografi [sunting]
Nakata miwiti karier profesional ana ing klub Bellmare Hiratsuka (saiki Shonan Bellmare) ing J. League (Liga Jepang) nalika umuré 18 taun yaiku nalika taun 1995.[2] Rong taun sawisé kuwi ya iku ana ing sasi Mei 1997 dhèwèké miwiti debut-é ana ing pertandhingan internasional nalika Jepang ngadhepi Korea Kidul.[2] Nakata duwé peran kang gedhé nalika bisa nggawa tim Jepang lolos menyang Piala Donya 1998.[2] Ana ing babak play-off kualifikasi nglawan Iran, Nakata mencetak gol kang cacahe telu kang ndadekake Jepang lolos menyang Piala Donya.[2] Nalika taun 1997 lan 1998 dhèwèké kapilih dadi Pemain paling apik versi AFC.[2]