Heo Nanseolheon
Heo Nanseolheon (허난설헌;허초희) utawa Heo Cho-hui (1563-1589) yaiku sawijining sastrawan kang ana ing Korea ing mangsa pemerintahan Dinasti Joseon.[1] Heo Nanseolheon asale saka kulawarga sastrawan ing kampung chodang, Gangwon.[1]Dheweke duwe addi lanang kanthi jeneng Heo Gyun kang uga minangka sawijining sastrawan misuwur Joseon.[1][2] Ing mangsa mau mung sithik wanita kang duwe kalodhangan sinau nulis senajan asale saka kulawarga sujana.[1] Wanita kudu ngurus rumah tangga lan ora diijinake nuduhake keprigelane ing jaba omah.[1] Nanging, Nanseolheon bisa sinau bareng karo sedulur lanange.[1]
Nalika umur 15 taun Nanseolheon kawin karo Kim Seong-nip nanging kawinane ora dadekake kepenak amarga bojone kerep mabuk-mabukan lan ora peduli.[1] Ibu mertune yga ora patiya seneng.[1] Nanseolheon ngalirake anak lanang lan wadon, nanging kekarone mati.[1] Malah sawise kuwi Nanseolheon ngalami keguguran.[1] Marga uripe rekasa lan ora kepenak, Nanseolheon ngesokake kabeh kasengsarane ing buku lan tulisan nganti tumekaning pati.[1] Asil karyane akeh-akehe ngenani kasengsarane npanguripan kang dilambangake banyu.[1]