Henry R. Towne
Henry Robinson Towne (lair ing Philadelphia, 28 Agustus 1844; umur 168 taun) yaiku sawijining insinyur mekanik lan pengusaha ing Amerika.[1]
Panguripan [sunting]
Henry R. Towne yaiku anak saka John Henry lan Maria (Tevis) T. Towne. Henry R. Towne kuliah ing University of Pennsylvania (sekolah teknik lan sains terapan) saka taun 1861-1862, nanging dheweke ora ngrampungake kuliahe mau.[2] Banjur, Towne nyambut gawe minangka juru gambar ing Port Richmond Iron Works, kang diduweni dening IP Morris, Towne & Co.[2] Ing taun 1863, Towne ditugasake ndandani kapal perang serikat Massachusetts.[2] Ing taun 1864-1866, Towne ngedegake mesin kanggo memonitor US Navy.[2] Sawise perang, Towne nyinaoni teknik ing Paris, Perancis.[2] In taun 1868, Towne mbentuk kamitran karo Linus Yale (presiden Yale Lock (perusahaan manufaktur)).[2] Ing taun 1888-1889, Towne njabat minangka presiden saka American Society of Mechanical Engineers.[2] Henry Robinson Towne kawin karo Cora E. White lan tiggal donya tanggal 15 Oktober 1924, ing New York.[2]