Henry PuYi
| Xuantong Emperor 宣統帝 |
|
|---|---|
|
|
|
| Pamaréntahan | 2 Desember 1908 – 12 Februari 1912 (3 taun, 72 dina) 1 July 1917 – 12 July 1917 (0 taun, 11 dina) |
| Didhisiki | Kaisar Guangxu |
| Wali | Zaifeng, Pangeran le-2 Chun |
|
|
|
| Pamaréntahan | 1 Maret 1934 – 15 Agustus 1945 (11 taun, 167 dina) |
|
|
|
| Pretendence | 12 Februari 1912 – 16 Oktober 1967 (55 taun, 246 dina) |
| Pangganti | Yuyan |
|
|
|
| Pretendence | 15 Agustus 1945 – 16 Oktober 1967 (22 taun, 62 dina) |
| Pangganti | Pujie |
| Garwa | Maharani Wen Xiu Maharani Wan Rong |
| Era | |
| Xuāntǒng 宣統 (1908-1912) Datong 大同 (1 Maret 1932 – 28 Februaryi1934) Kāngdé 康德 (1 Maret 1934 – 17 Agustus 1945) |
|
| House | Dinasti Aisin-Gioro |
| Bapa | Zaifeng, Pangeran Chun |
| Ibu | Guwalgiya Youlan |
| Miyos | 7 Februari 1906 Beijing, Kekaisaran Qing |
| Tilar donya | 17 Oktober 1967 (umur 61) Beijing, Republik Rakyat Cina |
| ing | Babaoshan Revolutionary Cemetery Later moved to the Easter Qing Mausoleum near Beijing in 1996 |
|
Data Panguasa Tiongkok |
|||
|---|---|---|---|
| Jeneng Asli | PuYi | ||
| Jeneng Raja/Undang-undangan | kaisar Xuan Tong | ||
| Periode Jaman | Dinasti Qing | ||
| Taun lair | 1906 | ||
| Taun mati | 1967 | ||
Pǔyí (Hanzi tradisional: 溥儀; Hanzi saanané: 溥仪) (7 Februari 1906 - 17 Oktober 1967) yaiku kaisar kaping 12 saka dinasti Qing kang uga kaisar terakhir Tiongkok kang nguwasani pamrentahan saka taun 1908 nganti tekan 1924.[1][2][3] Kakine kang jenege Yihuan yaiku anak nomer 7 saka kaisar Daoguang lan bapake Zaifeng yaiku adhine Kaisar Guangxu.[3] Sawise kaisar Guang Xu mati, nalika kuwi PuYi nembe umur 2 taun, diangkat dadi kaisar karo jeneng kekaisaran Xuan Tong.[3] Ana ing mangsa pamrentahane, Dr. Sun Yat Sen nglakokake revolusi yaiku nalika taun 1911 lan ngrampungi jaman kekaisaran Tiongkok kang wis ana luwih saka 2000 taun.[2] Sawise revolusi, PuYi isih diijinake kanggo manggon ana ing daerah kekaisaran (saiki dijenengi Kutha Terlarang lan dadi objek plesiran).[2] PuYi uga tau diangkat dadi pemimpin paling dhuwur ana ing negara Manchu (Man Zhou Guo), sawijining negara boneka gaweane Jepang kang kalebu ana ing wilayah Tiongkok lan wewatesan karo Russia, Tiongkok, [[Korea Lor] lan Mongolia.[3] Sawise Jepang kalah ana ing perang dunia kedua, Uni Soviet nguasani wilayah Manchu lan nangkep PuYi ana ing bandara penerbangan nalika PuYi arep lunga menyang Jepang. PuYi ditahan sasuwene 5 taun lan dikirim menenh menyang Tiongkok nalika taun 1950.[3] Baline PuYi ana ing Tiongkok, PuYi ngakoni kesalahane lan ngomong panampane marang pambaharuan, pendidikan lan revolusi kang ndadekake nalika taun 1958 PuYi dibebasake dening pamrantahan Tiongkok lan nalika kuwi PuYi kang sadurunge kaisar dadi rakyat biasa.[1] Dheweke mati merga lara nalika umure 61 taun.[3]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b (id)www.bukudiskon.com
- ^ a b c (id)cerita-utama.serambi.co.id
- ^ a b c d e f (id)Pu Yi, The Last Emperor of China
anal