Henry Gantt
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Henry Laurence Gantt | |
|---|---|
| Lair | 1861 |
| Pati | November 23, 1919 |
| Kawarganegaraan | United States |
| Kabangsan | Amerika Serikat |
| Etnis | Putih |
| Babagan | Manajemen Ilmiah |
| Misuwur amarga | Grafik Gantt |
Henry Laurence Gantt (1861-23 November 1919 ing Calvert Country, Amerika) yaiku sawijining konsultan manajemen kang duweni latarbelakang insinyur mekanik kang nyiptakake peta Gantt (Gantt Chart) misuwur.[1]
Biografi [sunting]
Henry Laurence Gantt lair ing Calvert County, Maryland, Amerika Serikat.[1] Gantt lulus saka sekolah McDonogh taun 1878 lan nyambut gawe ing Johns Hopkins College minangka guru teknik mesin lan juru gambar.[1] Ing taun 1887, dheweke nggabung karo Frederick Winslow Taylor nalika nggunakake teori manajemen ilmiah ing Midvale Steel lan Bethlehem Steel nganti taun 1893.[1]
Gantt Chart [sunting]
Gantt Chart minangka gambaran saka macem-macem bagan kang duweni fungsi kanggo:[2]
- Nemtokake durasi gaweyan tumrap ngrembakane wektu.
- Perencanaan lan penjadwalan proyek gaweyan.
- Pamantauan majuning proyek gaweyan.
Cathetan suku [sunting]
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
- ^ a b c d (en) History-Biographi Henry Gantt, www.gantt-chart.biz. Diundhuh tanggal 13 Juni 2010.
- ^ (en) What Work Henry Gantt Did For Scientific Management?, www.blurtit.com. Diundhuh tanggal 13 Juni 2010.