Henri Dunant
| Henry Dunant | |
|---|---|
Dunant as an elderly man |
|
| Lair | Jean Henri Dunant 8 Mei 1828 Geneva, Switzerland |
| Pati | 30 Oktober 1910 (umur 82) Heiden, Switzerland |
| Kabangsan | Swiss |
| Pakaryan | social activist, businessman, writer |
| Misuwur bab | Founder of the Red Cross |
| Agama | Calvinism (early years) nonreligious in later life |
| Tiyang sepuh | Jean-Jacques Dunant Antoinette Dunant-Colladon |
| Bebungah | Nobel Peace Prize (1901) |
Jean Henry Dunant yaiku pendiri Palang Merah Internasional. [1]Dheweke lair ing Janewa (Swiss) tanggal 8 Mei 1828.[1] Palang Merah yaiku lembaga kang ngurus tetulungan korban-korban perang lan bebaya alam.[1] Sejarah Palah Merah kawiwitan nalika sawijing nom-noman kanthi aran Henry Dunant nganakake lelungan saka Swiss anuju Prancis nalika sasi Juli taun 1859.[1] Nalika kuwi, ana perang antarane Italia karo Prancis merangi Austria.[1] Nalika tekan kutha Solferino (Italia), Dunant ndeleng puluhan ewu tentara kang nandhang lara lan kang wis mati ana ing turut ratan.[1] Ngerti kedadeyan mau, Dunant lan para warga padha nulungi.[1] Prastawa Solferino mau tansah ana ing pikire Dunant. Dunant banjur nulis sawijining buku kanthi irah-irahan A Memory of Solferino.[1] Buku mau dicetak ing Janewa nalika sasi Oktober 1862. [1]Ing bukune mau, Dunant nulis ngenani perlune sawijinging paguyuban kang ngemban misi tetulung kanggo para korban perang kan ora mbedakake ras lan kebangsaan.[1] Pungkasane, Dunant karo kanca-kancane ngedekake Palang Merah Internasional. [1]Slogane kang misuwur yaiku Tutti Fratelli, kang ateges Dhewe Kabeh Sedulur. [1]Sabubure Perang Dunia II kang niwasake korban akeh, donya kandha menawa perlu anane aturan perang kang sempurna. [1]
Ing sasi Agustus taun 1949, donya nyepakati Konvensi Janewe yaiku sawijining aturan ngenani perang kang kudhu digugu dening kabeh negara. [2]Isine aturan mau yaiku pepali nyerang rakyat sipil, jalur komunikasi, lan panggoan ngibadah.[2] Aturan mau uga menehi hak istimewa tumrap Palang Merah kanggo nulungi korban saka pihak ngendi wae. [2]Henry Dunant nampa bebungah Nobel Perdamaian nalika taun 1901. [2]Henry Dunant tinggal donya nalika tanggal 30 Oktober 1910. [2]Kanggo mengeti jasade Dunant, tanggal laire didadeake dina Palang Merah Dunia yaiku tanggal 8 Mei.[2]
Bab lan Paragraf |
Cathetan suku[sunting]
Buku basa Inggris[sunting]
- Henry Dunant: A Memory of Solferino. ICRC, Geneva 1986, ISBN 2-88145-006-7 – full text online: [1]
- Pierre Boissier: [2]History of the International Committee of the Red Cross. Volume I: From Solferino to Tsushima. Henry Dunant Institute, Geneva 1985, ISBN 2-88044-012-2
- Pierre Boissier: [3]Henri Dunant Henry Dunant Institute, Geneva 1974, ISBN 2-88044-012-2 •
- Caroline Moorehead: Dunant's dream: War, Switzerland and the history of the Red Cross. HarperCollins, London 1998, ISBN 0-00-255141-1 (Hardcover edition); HarperCollins, London 1999, ISBN 0-00-638883-3 (Paperback edition)
- Peter Masters: Men of Destiny. Wakeman Trust, London 2008, ISBN 1-87-085555-8 (Paperback edition). See chapter 8 - The Man Behind the Red Cross.
Buku basa Jerman[sunting]
- Eveline Hasler: Der Zeitreisende. Die Visionen des Henry Dunant. Verlag Nagel & Kimche AG, Zürich 1994, ISBN 3-312-00199-4 (Hardcover edition); Deutscher Taschenbuch Verlag, München 2003, ISBN 3-423-13073-3 (Paperback edition)
- Martin Gumpert: Dunant. Der Roman des Roten Kreuzes. Fischer Taschenbuch Verlag, Frankfurt 1987, ISBN 3-596-25261-X
- Willy Heudtlass, Walter Gruber: Jean Henry Dunant. Gründer des Roten Kreuzes, Urheber der Genfer Konvention. 4. Auflage. Verlag Kohlhammer, Stuttgart 1985, ISBN 3-17-008670-7
Pranala njaba[sunting]
- Founding and early years of the ICRC
- (Basa Prancis) Société Henry Dunant
- (Basa Prancis) Biography of Henry Dunant (original)
- Nobel website biography of Henri Dunant
- Red Cross Movement and Nobel Prizes
- Complete text of "A Memory of Solferino"
|
||||||||