Hengky Kurniawan
| Hengky Kurniawan | |
|---|---|
| Lair | Hengky Kurniawan Chova 21 Oktober 1982 (umur 29) |
| Pagawéyan | aktor |
| Garwa | Christy Jusung |
| Anak | Bintang Pratama |
Hengky Kurniawan Chova (lair ing Blitar, Jawa Timur, 21 Oktober 1982; umur 29 taun) kuwi pemain sinetron lan bintang film Indonesia, Dheweké merantau maring Jakarta lan mulai kariré lewat jasa Management Artist kang dipimpin dening Benny Contoh.[1] Hengky, wus mbintangi sinetron-sinetron ning layar tivi kayata, PELANGI DI MATAMU, BINTANG DI LANGIT, SENANDUNG MASA PUBER, ABG, KEPALA KELUARGA, DOIKU BEKEN, KARUNIA-MU, LANGKAHKU, CINTAILAH AKU, GADIS lan BIAR CINTA BICARA.[1]
Ora namung kuwi, mantan pacar aktris Bunga Citra Lestari iki uga tau mbintangi film layar lebar, BURUAN CIUM GUE bebarengan karo aktris Massayu Anastasia kang akiré dadi pacaré.[1] Meski ora suwe pisahan.[1]
Hengky, kang tau njalin kasih karo aktris Kiki Amalia iku uga tau mbintangi film kang diangkat saka novel karyané Maria Ardelia, SAYA DAN SEPATU HAK TINGGI SAYA utawa ME VERSUS HIGH HEELS!. [1] Ning film kasebut, dheweké meranaké karakter Arnold, dadi tokoh kang direbutaké dening para wanita. [1] Ceritané, babagan Arnold kang mengini para wanita-wanita supaya ngaggo sepatu hak dhuwur kayata wanita feminim.[1] Amarga Arnod seneng marang wanita kang feminim.[1] Wus digosipaké gonta-ganti pacar, akiré dheweké nikah karo Christy Jusung.[1]
Taun 2011, Henky Kurniawan banting setir dadi sutradara.[2] Dheweké nyoba main peran ning balik layar.[2] Hengky nikmati nyambut gawe ning mburi layar kanggo mendirect FTV kang genrené laga, legenda lan drama pedesaan lewat production house Kawakibi Entertainment.[2] Amarga ditawari terus dening MNC TV, saiki wus mroduksi 17 film, lan nerapaké rega kancan kanggo film kang bakal diputeraké.[2] Hengky njabat dadi produser lan sutradara ning Kawakibi Entertainment.[2]
Ora namung ning FTV wae, dheweké uga anduweni niat kanggo nggawe film layar lebar.[2] Dheweké wus nyiapaké konsep carita kang nyoroti babagan politik lan korupsi.[2] Film gawean Henky bakal dijuduli, ABG: AKU BUKAN GAYUS, ananging walikota kang bakal diajak kerjasama malah macet amarga masalah korupsi uga.[2] Walikotané lagi diawasi dening ICW.[2]
[sunting] Filmografi
- Buruan Cium Gue (2004)
- Me vs High Heels (2005)
- Syahadat Cinta (2008) (Genta Buana Paramita))
[sunting] Sinetron
- Amanda (sinetron) (2008)
- Monalisa (sinetron) (2009)
- Terdampar (2010)
- Superboy (2010)
- Just For Laughs Gags Indonesia (2011) (Soraya Intercine Films)