Heinrich Wilhelm Matthäus Olbers
| Heinrich Wilhelm Matthäus Olbers | |
|---|---|
Heinrich Wilhelm Matthäus Olbers
|
|
| Lair | 11 Oktober 1758 Arbergen |
| Pati | 2 Maret 1840 (umur 81) Bremen |
| Kabangsan | Jerman |
| Babagan | Kadhokteran Astronomi |
| Misuwur amarga | Paradoks Olbers Pallas |
Heinrich Wilhelm Matthäus Olbers (Arbergen, 11 Oktober 1758 – Bremen, 2 Maret 1840) punika satunggiling astronom, fisikawan, lan dokter asal Jerman.
Nalika sekolah ing Göttingen, panjenenganipun nyinaoni èlmu fisika. Sasampunipun lulus nalika taun 1780, panjenenganipun wiwit nyinaoni bidang kadokteran ing Bremen. Wekdal ndalu dipun ginakaken kanggé sinau astronomi.
Nalika taun 1802, Olbers manggihaken lan maringi nami asteroid Pallas. Gangsal taun salajengipun, panjenenganipun manggihaken asteroid Vesta ingkang diparining nami déning Gauss. Nalika tanggal 6 Maret 1815, Olbers ugi manggihaken satunggil komet berkala ingkang diparining nami 13P/Olbers.
Obyèk astronomi ingkang mundhut nami saking Olbers inggih punika asteroid 1002 Olbersia lan Kawah Olbers ing Bulan. Sasanèsipun punika, nami Paradoks Olbers ugi asalipun saking Matthäus Olbers.
| 2 Pallas | 28 Maret 1802 |
| 4 Vesta | 29 Maret 1807 |
[sunting] Wacan terusan
- Cunningham, C. J. (2006). The Origin of the Asteroids: Olbers versus Regner. Star Lab Press. ISBN 0-9708162-5-1.
- Bessel, F. W. (1845). "Über Olbers. Von Herrn Geh. - Rath Bessel". Astronomische Nachrichten 22 (18): 265. DOI:10.1002/asna.18450221802.
- William Herschel (1800 - 1814). "Observations on the Nature of the New Celestial Body Discovered by Dr. Olbers, and of the Comet Which Was Expected to Appear Last January in Its Return from the Sun". Abstracts of the Papers Printed in the Philosophical Transactions of the Royal Society of London 1 (0): 271–272. DOI:10.1098/rspl.1800.0148.
- Lynn, W. T. (1907). "The Discovery of Vesta". The Observatory 30: 103–105.
- This article incorporates text from the Encyclopædia Britannica Eleventh Edition, a publication now in the public domain. - see, for instance, "Olbers," Britannica