Hee Ah Lee
| Hee Ah Lee | |
|---|---|
Hee Ah Lee |
|
| Lair | 09 Juli 1985 (umur 27) |
| Pakaryan | pianis |
| Agama | Kristen |
Lee Hee-Ah 09 Juli 1985 (umur 27) lair ing Seoul, Koréa, iku musisi saka Koréa.[1] Dhèwèké lair kanthi awak kang ora jangkep lan ora sampurna.[1] Babagan apa kang ditampa kuwi, dhèwèké ora banjur cunthel ing kauripané.[1] Kawit lair dhèwèké kena lobster Claw Syndrome (sindrom mung anduwèni loro driji ing tangané), malah anggawé wong liya gumun marang kapinteran Ah Lee anggoné dolanan piano.[1]
Diwiwiti nalika ibuné, Woo Kap Sun anduwèni gagasan lan kepénginan kanggo nglatih kakuwatan otot-otot tangané, kasilé ing umur 6 taun, Ah Lee wis pinter anggoné dolanan piano. [1] Senajan ing wiwitané ana masalah, kayata angè olèhé nyambung nada, ananging amarga asringé latiyan lan ora nyerah, akiré Ah Lee bisa dadi salah sijiné pianis hebat ing Koréa. [1]
Ora mung kuwi, Ah Lee uga sempet tampil sapanggung karo pianis internasional kang tingkaté wis ing donya, Richard Clayderman, nalika Richard nggelar konsèr ing Koréa.[1] Malah Richard Clayderman uga ngalembana anggoné Ah Lee nyuguhaké mainaké piano, senajan fisiké dadi masalah, ananging Ah Lee bisa dolanan nganti anggawé para panikmaté seneng.[1]
Keterbelakangan mental lan cacat fisik kang ditampa kawit lair amarga kena Lobster Claw Syndrome, ora anggawé masalah anggoné Ah Lee nyoba éksis ing blantika musik donya.[2] Kapinterané nalika mencèt tuts piano malah anggawé wong akèh gumun lan treyuh.[2]