Hassanal Bolkiah
| Hassanal Bolkiah | |
|---|---|
| Sultan Yang Dipertuan Negara Hassanal Bolkiah | |
|
|
|
| Pamaréntahan | 4 Oktober 1967 (45 taun, 231 dina) |
| Panobatan | 1 August 1968 |
| Didhisiki | Omar Ali Saifuddien III |
| Heir-apparent | Al-Muhtadee Billah |
| Garwa | Pengiran Anak Saleha Pengiran Isteri Mariam (cerai 2003) Azrinaz Mazhar Hakim (menikah 2005, cerai. 2010) |
| Isu | |
| Al-Muhtadee Billah Azim 'Abdul Malik Abdul Mateen 'Abdul Wakeel Rashidah Muta-Wakkilah Majeedah Hafizah 'Azemah Fadzilah Ameerah |
|
| Agami | Muslim - Sunni |
Jenderal Haji Sir Hassanal Bolkiah Mu'izzaddin Waddaulah GCB GCMG (lair 15 Juli 1946; umur 66 taun) inggih menika Sultan Brunei kaping 29 lan Yang Di-Pertuan Brunei Darussalam sarta Perdana Menteri pertama Brunei Darussalam.[1] Panjenenganipun menika putra nomer setunggal Omar Ali Saifuddien III, Sultan Brunei kaping 28, lan Pengiran Anak Damit.[1]
Hassanal Bolkiah minangka Sultan [sunting]
Wonten ing aturan konstitusi 1959 Brunei, Sultan minangka kepala negara kanthi kakuwasaan eksekutif ingkang ageng, kalebet kakuwasaan dharurat wiwit taun 1962.[1] Nalika tanggal 9 Maret 2006, Sultan dipunlaporaken sampun nggantos konstitusi Brunei ingkang damel panjenenganipun sampurna ing sangandhapipun hukum Brunei.[1] Hassanal Bolkiah ugi dados Perdana Menteri sarta nyepeng portofolio Menteri Pertahanan lan Keuangan.[1] Minangka Menteri Pertahanan, Panjenenganipun ugi dados Panglima Tertinggi Royal Brunei Angkatan Bersenjata Umum Kehormatan ing angkatan bersenjata Inggris lan Indonesia lan Laksamana Kehormatan Armada ing Angkatan Laut Inggris.[2] Panjenenganipun ugi dados Inspektur Jenderal Polisi (IGP) saking Royal Brunei Police Force.[2] Panjenenganipun mbahas Majelis Umum Perserikatan Bangsa-bangsa bab panampinipun Brunei Darussalam kagem Perserikatan Bangsa-bangsa nalika sasi September 1984.[2] Nalika taun 1991, panjenenganipun nepangaken ideologi konservatif dhateng Brunei ingkang dipunsebat Melayu Islam Beraja (MIB) utawi tiyang melayu Islam Monarki, ingkang dadosaken monarki minangka pambela Islam.[2]