Harun Yahya
| Adnan Oktar | |
|---|---|
| Lair | 2 Februari 1956 (umur 57) Ankara, Turki |
| Papan dunung | Turki |
| Jeneng liya | Harun Yahya, Adnan Hoca |
| Pagawéyan | Penulis |
| Dikawruhi amarga | Kreasionisme, Anti-Zionis |
| Agama | Islam |
| Website | |
| www.harunyahya.com | |
Harun Yahyayaiku jeneng pena saka penulis Adnan Oktar. Dheweke kalebu wong kang ‘alim kang ngentekake kabeh uripe kanggo dakwahake keesaane Allah lan keluhuran akhlaq Al Qur’an kanggo masyarakat. Sakawit kuliyah, dheweke tansah nganggo saben wektune kanggo dakwah iki lan ora wedi ngadhepi kasusahan kang ngrintangi dalane. Nganti saiki, dheweke isih tetep kokoh, tegar, lan sabar, ngadepi kabeh tekanan lan fitnah.[1]
Bab lan Paragraf |
Lair [sunting]
Adnan Oktar dilahirke taun 1956 ing Ankara lan gedhe ing kutha iki nganti lulus SMU. Komitmene dheweke tumrap agama Islam sansaya kuwat nalika ana ing SMU. [2] Pada periode iki, dheweke entuk pangerten kang jero ing babagan Islam saka buku-buku agama uga entuk pemahaman kalebu fakta-fakta penting liya kang banjur diwenehi ngerti ing wong-wong sakubenge. Ing taun 1979, Adnan Oktar pindah ing Istanbul kanggo golek ilmu ing Universitas Mimar Sinan. [3] Ing jaman iki dheweke mulai nglaksanakake misi dakwah, ngongkon menungsa tumuju akhlaq kang apik lan mrentah kang ma’ruf uga nyegah kang munkar.
Harun Yahya ing Universitas Mimar Sinan [sunting]
Sakdurunge Adnan Oktar kuliah ing Universitas Mimar Sinan, Istanbul, institusi pendhidhikan kasebut wis ana ing ngisor pengaruh organisasi-organisasi ilegal aliran Marxisme, sahingga pemikiran kaya iku ketok jelas mendominasi kampus. Saben wong, apa kuwi staf ing fakultas utawa mahasiswa, yaiku wong kang materialis kang pola pikire atheis. Staf pengajar njupuk saben kesempatan kan ana kanggo nyebarake filsafat materialistik lan Darwinisme ing jero kuliah-kuliah. Ing lingkungan kaya iki ajaran agama lan akhlaq ora dikanggokake lan ditolak, Adnan Oktar nyeru wong-wong ing sakubenge dheweke marang keesaan lan keagungane Allah. Ing kondisi iki, Islam ora diwenehi kesempatan kanggo berkembang. Ibuke Adnan Oktar , Ny. Mediha Oktar, ngandakake menawa ing jaman iku Adnan Oktar mung turu pirang jam ing wayah bengi, sakliyane kanggo maca, nggawe cathetan lan nyimpen kumpulan cathetan mau.
Dheweke maca atusan buku, kalebu karya-karya pokok Marxisme, komunisme lan filsafat materialistik, lan nyinaoni buku-buku ideologi kiwa, kalebu karya-karya klasik utawa literatur-literatur liya kang jarang diwaca wong. [4] Dheweke banjur nliti karya-karya mau, diwenehi tandha bagian-bagian penting lan nggawe cathetan-cathetan ing buri buku kasebut. Iki ndadekake dheweke wong kan paling ngerti babagan filsafat-filsafat sarta ideologi-ideologi kasebut ketimbang pendukung ideologi iku dhewe. Dheweke uga nganakake riset ngenani teori evolusi kang dianggep dadi landasan ilmiah saka ideologi-ideologi kasebut lan ngumpulke dokumen lan informasi kang ana hubungane. Sakwuse ngumpulake akeh informasi ngenani buntune, kontradiksi lan apusan kang ana ing jero filsafat lan ideologi kang didhasarke ing pengingkaran tumrap Allah, Adnan Oktar nggunakake informasi kasebut kanggo nyebarake fakta-fakta kang ana.
Meh kabeh wong, kalebu mahasiswa lan staf guru ing universitas, dheweke dakwahi keesaane Allah, sarta Al Qur’an, Kitab Suci kang diwahyukake Allah, nganggo bukti-bukti saintifik. Ing satengahing omongan ing kantin kampus, ing koridor-koridor wektu jam ngaso, bisa dideleng dheweke lagi njelasake kelemahan uga kesalahan filsafat materialistik lan Marxisme kanthi njupuk cuplikan saka buku-buku kang dadi referensi saka ideologi mau. Dheweke menehi kawigaten khusus marang teori evolusi. Teori kang ana saka sawijining kelompok kanggo nglawan fakta penciptaan iki diyakini dadi babagan kang bener ing pandelenge mahasiswa universitas. Kanthi kedok sains, teori mau tujuwane kanggo ngracuni lan ngrusak akidah lan akhlaq para pemuda mau. Menawa makar ala saka kebohongan ilmiah iki ora dibongkar, bakal metu generasi penerus kang sama sekali ora nduweni nilai-nilai spiritual, moral lan religius.
Pahlawan Internasional [sunting]
Njupuk saka New Scientist edisi 22 April 2000 , Oktar dadi "pahlawan internasional" ing bababagan kekeliruane teori evolusi lan fakta penciptaan. Perjuangan intelektual penulis ing materialisme lan Darwinisme wis asring dipublikasikake ing National Geographic, Science, New Scientist lan Laporan NSCE. Edisi basa Inggris lan Jerman November, 2004, edisi National Geographic kasebut karya penulis babagan fakta Penciptaan. Kutipan saka buku Keruntuhane Teori Evolusi uga mlebu: "Teori evolusi mung ngapusi saka dominators saka sistem donya." Oktar uga wis ngasilake karya babagan rasisme Zionis lan Freemasonry uga efek negatif kanggo sejarah donya lan politik. [5]