Hans-Georg Gadamer
| Filsuf Kulon Filsafat abad ka-20 |
|
|---|---|
Hans-Georg Gadamer
|
|
|
Jeneng |
Hans-Georg Gadamer |
|
Lair |
|
|
Pati |
|
|
Aliran/tradisi |
|
|
Kawigatèn utama |
|
|
Gagasan wigati |
hermeneutika filosofis, 'filsafat praktis', lan produk minagka tradisi kang beda kanthi asal saka tradisi kasebut, basa dimupangatake kanthi arupa werna. |
|
Mènèhi pengaruh marang |
Plato, Aristoteles, Kant, Hegel, Kierkegaard, Schleiermacher, Dilthey, Husserl, Heidegger, Jaspers |
|
Kena pengaruh saka |
|
Hans-Georg Gadamer (Cithakan:IPA-de; 11 februari 1900 – 13 Maret 2002) inggih menika satunggalipun filsuf saking Jerman ingkang misuwur amargi karyanipun nalika taun 1960, "Wahrheit und Methode" (Kaleresan lan Metode).[1][2]
Gesangipun [sunting]
Gadamer dipunlairaken ing Marburg, Jerman, minangka putranipun kimiawan farmasi ingkang ugi dados rektor ing mrika.[1] Gadamer nglawan bapakipun ingkang ndhawuhi supados sinau ilmu-ilmu alam.[1] Ananging Gadamer langkung milih ilmu humaniora. Panjenenganipun ageng lan sekolah ing Breslau, ananging boten dangu wenten mrika Gadamer pindhah dhateng Marburg kangge sinau kaliyan para fisuf Neo-Kantian Paul Natorp lan Nicolai Hartmann. Panjenenganipun saged nahanake dhisertasinipun taun 1922.[1] Boten dangu saking menika, Gadamer lajeng tindak dhateng Freiburg lan sinau kaliyan Martin Heidegger, ingkang ing wekdal menika satunggalipun sarjana enem ingkang wasis ananging dereng angsal gelar profesor. Gadamer lajeng dados salah satunggalipun kelompok mahasiswa kados Leo Strauss, Karl Löwith, lan Hannah Arendt.[1] Gadamer kaliyan Heidegger dados akrab, lan nalika Heidegger angsal angsal jabatan ing Marburg, Gadamer ndherek Heidegger ing mrika.[1] Pengaruh saking Heidegger ingkang maringi Gadamer pola pikiran ingkang khas lan nebihaken Gadamer saking pengaruh Neo-Kantian saking Natorp lan Hartmann.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f (en)Hans-Georg Gadamer dipunundhuh tanggal 16 Juli 2011)
- ^ a b (en)Hans-Georg Gadamer Dies; Noted German Philosopher dipunundhuh tanggal 16 Juli 2011)