Hanji
Hanji utawa Kertas Korea (한지;韓紙) yaiku kertas tradisional Korea kang wis digunakake kawit 1600 taun.[1][2] Wong Korea nggunakake hanji kanggo kebutuhan saben dinane lan kebutuhan rumah tangga mulai saka buku, tembok, cendela, lante, nganti peti mati.[1] Kandane wong Korea manfaatke Hanji mulai kawit lair nganti mati.[1]
Bab lan Paragraf |
Mula Bukane [sunting]
Kertas ditemokake dening sawijining kasim ing taun 105 M (Dinasti Han) kanthi aran Chae Ryun (Tsai Lun).[1][2][3] Sejarah mlebune teknik gawe kertas ing Korea isih durung dingerteni amarga ora dicatet kanthi jelas.[1][2] Nanging teks sejarah Jepang nyebutake menawa sawijining biksu (asal kerajaan Baekje) kanthi aran Tamjing gawa kertas, mangsi, watu mangsi lan watu asah ing Jepang taun 605.[1][4] Saka Korea banjur teknik gawe kertas nyebar tekan Jepang.[1]
Ing abad kaping 11 lan 12, teknik gawe kertas ing Korea wis ngrembaka banget.[4] Istana kerajaan Goryeo (918-1392)ndukung perkembangan gawe kertas lan ketrampilan nyetak saengga akeh teks kang nerbitake tulisan ngenani agama Buddha, pengobatan lan sejarah.[4] Nalika kuwi kerajinan kertas diarani Goryeo-ji (kertas Goryeo) lan dikenal ing Cina.[4] Akeh teks Cina kang nggunggung kecantikan kertas Korea lan akeh ilmuwan lan bangsawan kang golek produk kertas Korea saliyane golek keramik hijau (cheongja) lan ginseng Korea.[4]
Lihat pula [sunting]
Pranala luar [sunting]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g (en)Fabulous Hanji (Korean Traditional Paper), visitkorea. Diundhuh tanggal 11 Mei 2010.
- ^ a b c (en)Hanji, A Long and Beautiful Tradition, whatsonkorea. Diundhuh tanggal 11 Mei 2010.
- ^ (en)Korean Paper, Koreatimes. Diundhuh tanggal 11 Mei 2010.
- ^ a b c d e (en)History of Hanji, Fides International. Diundhuh tanggal 11 Mei 2010.