Hamster
| Hamster | |
|---|---|
| Seekor Hamster Emas | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mamalia |
| ordo: | Rodentia |
| kulawarga: | Cricetidae |
Hamster iku sajinis kéwan ingon-ingon sajinis tikus. Ana sawetara jinis hamster ing donya. Hamster kalebu jroning subfamili cricetinae. Subfamili iki kapérang dadi watara 18 spesies, sing diklasifikasi jroning enem utawa pitung genus.
Jenis Dominant Spot. Ciri-cirine: (i) ana garis tengah warna ireng saka sirang tekan cedhak , (ii) ana 3 kombinasi warna, yaiku ireng, [coklat, lan putih, (iii) manut lan ora nyokot-ora kaya jenis campbell utawa hamster lokal, (iv) ukuranne kegolong cilik banget, dawane saka ngarep tekan mburi mung udakara 5 centimeter sahingga katon lucu.[1] hamster kuwi salah siji kewan pengerat.[2]
Bab lan Paragraf |
Pakan [sunting]
Kita perlu ngerti menawa hasmter asale saka dhaerah padang suket sub tropis. Dadi ing panggonan asale, hamster mangan wiji-wijian. [3] Pakan kang bisa diwenehake kanggo hamster:
Pakan Utama
- banyu
- beras abang
- wiji kembang matahari
- konsentrat
- Kecambah
- Bengkoang
- Apel
- Pir
- Gedhang
- Wortel
- Jagung legi
(menawa kakehan bisa ngrotogake wulu)
- Kentang (kudu digodhog dhisik)
- Kacang tanah
- Kacang kulit
- Kacang mete
- Kacang almond
- Kacang kedele
Snack
Panganan kang ora entuk diwenehake kanggo hamster:
- panganan kang ana bumbune.
- panganan kang legi
- pangan kewan liya (kucing lan asu) amarga kandutan proteine luwih dhuwur.[5]
Cara kanggo milih pakan hamster kang apik: [sunting]
- Hamster kewan sing ringkih, dadi ora bisa sembarangan menehake panganan.
- Milih pakan sing alami.
- Ngindari panganan saka pabrik kang ngandut pewarna.
- Gatekna isi kemasan, menawa panganane mung pelet utawa sejenise (dudu pakan alami) apike ora diwenehake kaggo hamster.
- Pakan hamster aja ana tuma, jamur, semut, utawa kewan liya.
Jenis-jenise Hamster [sunting]
Sakjane jenise hamster akeh, tapi mung sithik kang umum didadekake ingon-ingon:
Syrian Hamster (Golden Hamster) Jeneng Latin:Mesocricetus auratus Ukuran: 10-18 cm Abot : 130-210g
Djungarian Hamster Jeneng Latin: Phodopus sungorus Ukuran: 7-10 cm Abot : 125-40g
Campbell Hamster Jeneng Latin:Phodopus campbelli Ukuran: 8-10 cm Abot :30-45 g
Chinese Hamster Jeneng Latin:Cricetulus griseus Ukuran 9-12 cm Abot 26-38 g
Roborovski Hamster Jeneng Latin:Phodopus roborovskii Image. [6]
Cathetan suku [sunting]
Pranala njaba [sunting]
| Wikispecies duwé informasi ngenani |