Hamit Altıntop
| Hamit Altıntop | ||
| Informasi Pribadi | ||
|---|---|---|
| Jeneng jangkep | Hamit Altıntop | |
| Tanggal lair | 8 Desember 1982 (umur 29) | |
| Papan lair | Gelsenkirchen, Jerman Barat | |
| Dhuwur | 1.83 m (6 ft 0 in) | |
| Posisi main | Gelandang | |
| Club information | ||
| Klub saiki | Bayern Munich | |
| Nomer | 8 | |
| Klub remaja | ||
| 1991–1992 1992–1997 1997–2000 |
Schwarz-Weiß Gelsenkirchen-Süd TuS Rotthausen Wattenscheid 09 |
|
| Klub senior1 | ||
| Taun | Klub | App (Gls)* |
| 2000–2003 2003 2003–2007 2007– |
Wattenscheid 09 Schalke 04 II Schalke 04 Bayern Munich |
75 (12) 1 (0) 113 (8) 34 (5) |
| Tim Nasional2 | ||
| 2004– | 47 (2) | |
|
1 Panampilan ing Klub senior lan gol |
||
Hamit Altintop (lair ing Gelsenkirchen, 8 Desember 1982; umur 29 taun) inggih menika pemain bal-balan saking negari Turki ingkang lairipun ing Jerman, nggadhahi dhuwur 183 cm.[1] Panjenenganipun kagungan sadherek kembar ingkang asmanipun Halil Altintop ingkang samenika main bal ing salah satunggalipun klub ing Jerman.[1] Hamit Altintop kalebet pemain bal didikanipun Schalke 04, tim kebanggaanipun masyarakat Gelsenkirchen. Saderengipun main ing Schalke ing taun 2003, Hamit main ing klub Schwarz-Weis Gelsenkirchen, TuS Rotthausen, lan Wattenscheid 09.[1][2]
Hamit Altintop sareng kaliyang sadherek kembaripun nate ndherek Schalke dados runner upBundeslia 2006/2007, nalika semanten "Royal Blues" namung kalih salisih kalih poin saking vfb Stuttgart.[1] Hamit Altintop ndherek klub raseksa Bundesliga Bayern Munich nalika musim panas taun 2007, kanthi status bebas transfer.[1] Panjenenganipun nglebetaken setunggal gol kanthi tendhangan bebas nalika debutipun wekdal mungsuh klub saking Brasil, Sao Paulo.[1] Wekdal kompetisi pra musim Liga Lokal, Hamit damel gol saking jarak 30 meter dhateng gawangipun Werder Bremen.[1] Nalika Bayern Munich saged nyingkiraken Manchester United ing Liga Champions taun 2009/2010, Hamit Altintop kapilih dados man of the match ing leg ingkang wiwitan.[1]
Hamit Altintop sampun pikantuk enem gelar juara sareng Bayer Munich, inggih menika juara liga (taun 2008 lan 2010), kalih Piala Jerman (taun 2008 lan 2010), Piala Super Jerman (2010), lan Piala Liga (2007). Nalika taksih ten Schalke, Altintop ugi nate maringi trofi Piala Liga 2005.[1]
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Pranala Njawi
(id)[HAMIT ALTINTOP: 10 Fakta Menarik Pemain Baru Real Madrid Peraih FIFA Puskas Award