Hamengkubuwana IV
| Sri Sultan Hamengkubuwana IV | ||
|---|---|---|
Raja Ngayogyakarta. |
||
| Miyos | Yogyakarta, 3 April 1804 | |
| Séda | Yogyakarta, 6 Desember 1822 | |
| Jabatan | ||
Sri Sultan Hamengkubuwana IV utawi Radèn Mas Ibnu Jarot (miyos ing Yogyakarta, 3 April 1804 – séda ing Yogyakarta, 6 Desember 1822 kanthi yuswa 18 taun) inggih menika raja ingkang kaping sekawan wonten ing kraton Ngayogyakarta. Panjenenganipun jumeneng nata nggantosaken ingkang rama ing yuswa sedasa taun, inggih punika ing warsa 1814. Amargi taksih anèm sanget pramila Paku Alam I dipunpatah minangka pamaréntahanipun.
Ing salebeting mangsa pamaréntahan Hamengkubuwana IV punika kakuwaosan Patih Danureja IV tansaya ageng. Sadhèrèk-sadhèrèkipun kapatan nglenggahi jabatan-jabatan wigatos ing kraton. Kulawargi Danurejan punika misuwur tundhuk dhumateng Walandi. Kularwargi punika ugi ndhukung sistem séwa siti tumraping swasta. Bab punika sanget ngrugèkaken kawula alit.
Ing tanggal 20 Januari 1820 Paku Alam I sèlèh jabatan minangka wali raja. Pamaréntahan mandhiri Hamengkubuwana IV punika namung lumampah kalih taun amargi panjenenganipun séda ing tanggal 6 Desember 1822 nalika pinuju tamasya.
Priksani ugi [sunting]
Kapustakan [sunting]
- M.C. Ricklefs. 1991. Sejarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
- Purwadi. 2007. Sejarah Raja-Raja Jawa. Yogyakarta: Media Ilmu
| Dipunrumiyini déning: Hamengkubuwana III |
Raja Kasultanan Yogyakarta 1814 - 1822 |
Dipunlajengaken déning: Hamengkubuwana V |