Hamad bin Isa al-Khalifah
| Hamad bin Isa Al Khalifa حمد بن عيسى آل خليفة |
|
|---|---|
| Raja Bahrain | |
| Mréntah | 6 Maret 1999–sapunika |
| Dipundhisiki | Isa ibn Salman Al Khalifah |
| Yoga | |
| Salman bin Hamad bin Isa Al Khalifa Abdullah bin Hamad Al Khalifah Khalifa bin Hamad Al Khalifah Najla bint Hamad Al Khalifah Nasser bin Hamad Al Khalifah Khalid bin Hamad Al Khalifah Noora bint Hamad Al Khalifah Munira bint Hamad Al Khalifah Hessa bint Hamad Al Khalifah Sultan bin Hamad Al Khalifah Reema bint Hamad Al Khalifah Faisal bin Hamad Al Khalifah |
|
| Bapa | Isa ibn Salman Al Khalifah |
| Ibu | Hessa bint Salman Al Khalifa |
| Miyos | 28 Desember 1948 (umur 64) Riffa, Bahrain |
| Agami | Islam Sunni |
Hamad bin Isa Al Khalifa (basa Arab: حمد بن عيسى آل خليفة) (lair ing Riffa, 28 Desember 1948; umur 64 taun) iku Raja Bahrain (wiwit 14 Februari 2002), kang sadurungé njabat dadi Emir negara iku (wiwit 6 Maret 1999)[1].[2] Panjenengané iku pytra saka Isa bin Salman Al Khalifa, emir kang sadurungé.[2] Sawisé ngganti kalungguhan ramané, Raja King Hamad gawé pambaruan kang akèh ana ing babagan pulitik Karajan.[2] Panjenengané lan garwa, Syekha Sabika binti Ibrahim Al Khalifa, kagungan putra kang cacahe enem, Syekh Salman bin Hamad bin Isa Al Khalifa kang lair nalika tangga 21 Oktober 1969, Syekh Abdullah nalika tanggal 30 Juni 1975, Syekh Khalifa nalika tanggal 4 Juni 1977, lan Syekha Najla nalika tanggal 20 Mei 1981.[2] Anak bungsu raja, Pangeran Faisal bin Hamad Al Khalifah kang umuré 15 taun, mati ana ing sawijining kacilakan montor ing tanggal 13 Januari 2006.[2] Kanggo pendidikan menengahe, panjenengané sekolah ing Leys School ing Cambridge, Inggris, lan uga sekolah ing sekolah militèr Britania Raya (kalebu ing Sandhurst) lan Amérika Sarékat (kalebu Fort Leavenworth).[2] Nalika tanggal 16 Februari 1979 panjenengané pinaringan kanugrahan sesebutan Knight of the Order of Saint Michael and Saint George saka Britania Raya.[2] Nalika taun 2002 panjenengané nentang aksi militèr 'sepihak' déning Amérika Sarékat ing Irak.[2] Minaté marang Jaran Arab nyebabake panjenengané ngadegaké kandhang Amiri ing sasi Juni 1977 kang didaftaraké ing Organisasi Jaran Arab Donya nalika sasi September 1978.[2] Sang raja kagungan kepénginan kanggo ngestarèkaké aktivitas lan hobi ana ing olahraga kalebu golf, mancing, tenis, lan bal-balan.[2]
Bab lan Paragraf |
Cathetan Suku[sunting]
Deleng Uga[sunting]
Cathetan suku[sunting]
Pranala jaba[sunting]
- The Monarchy - official website of the Bahrain Embassy
- The New Amir of Bahrain: Marching Sideways, Abdulhadi Khalaf, Civil Society, Volume 9, Issue 100, April 2000
- The King’s Dilemma: Obstacles to Political Reforms In BahrainPDF (227 KB), Abdulhadi Khalaf, Fourth Mediterranean Social and Political Research Meeting, European University Institute, March 2003
- Generational change and elite-driven reforms in the Kingdom of Bahrain. (Sir William Luce Fellowship Paper No. 7) Dr. Steven Wright (2006) Institute for Middle East and Islamic Studies, University of Durham, (PDF Format)
- Bahrian: The Royals rule, Le Monde Diplomatique, March 2005
- An Arab exception: Reform in Bahrain The Economist, 29 July 2004 (requires subscription)
- Genealogy of the Al-Khalifa Dynasty, Page 10 - website The Royal Ark
|
Hamad bin Isa al-Khalifah
Lair: 28 Januari 1950 |
||
| Gelar kabangsawanan | ||
|---|---|---|
| Sing mengku sadurungé: Isa bin Salman al-Khalifa |
Emir Bahrain 1999 – 2002 |
Diganti déning: Himself sebagai Raja Bahrain |
| Sing mengku sadurungé: Himself sebagai Emir Bahrain |
Raja Bahrain 2002 – present |
Isih njabat Heir apparent: Pangeran Salman bin Hamad bin Isa Al Khalifa |