Halle, Belgia

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Aula kutha Halle, Vlaams Brabant, Belgia.

Halle (Basa Prancis: Hal) iku sawijining kotamadya ing kawasan Flandria ing distrik Halle-Vilvoorde ing Provinsi Brabant Flandria. Kutha iki ana ing Kanal Brussels-Charleroi lan ing sisih Flandria ing wewatesan kawasan basa Flandria lan Wallonia. Sacara géografis, Halle ana ing wewatesan antarané dhataran Flandria ing lor lan dhataran gelombang Brabant ing kidul. Kutha iki uga wewatesan karo Pajottenland ing sisih kulon. Basa resmi kutha iki yaiku basa Walanda.

Kotamadya Halle kapérang saka kutha Halle lan kutha Buizingen lan Lembeek. Kutha-kutha ing sakupengé yaiku: Pepingen, Sint-Pieters-Leeuw, Beersel, Braine-l'Alleud, Braine-le-Château, lan Tubize. Pedunung Halle ningkat sacara alon-alon, saka 32.758 jiwa nalika taun 1991 dadi 34.882 nalika tanggal 1 Januari 2006. Walikuthané saiki yaiku Dirk Pieters saka CD&V.

[sunting] Réferènsi

  • Clement, Raymond & Decreton, Jan: "Halle: een Bourgondisch feest", Lannoo, Tielt, 1991, 144 pp., ISBN 90-209-2024-3.


[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Halle,_Belgia&oldid=627563"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès