Hafez al-Assad
|
حافظ الأسد
Hafez al-Assad |
|
|
Présidhèn Suriah ka-9
|
|
| Mangsa jabatan 22 Februari 1971 – 10 Juni 2000 |
|
| Pejabat sadurungé | Nureddin al-Atassi |
|---|---|
| Pengganti | Abdul Halim Khaddam (Pejabat) |
|
|
|
| Lair | 6 Oktober 1930 Qardaha, Suriah |
| Tilar donya | 10 Juni 2000 (umur 69) Damaskus, Suriah |
| Kabangsan | Suriah |
| Partai pulitik | Partai Baath |
| Agama | Alawi Islam Shi'ite |
Hafez al-Assad (Arab: حافظ الأسد Ḥāfiẓ al-Asad, lair 6 Oktober 1930 – tilar donya 10 Juni 2000 kanthi yuswa 69 taun) yaiku présidhèn Suriah kang njabat ana ing telung mangsa jabatan.[1][2] Hafez digantèkaké déning anaké, présidhèn Bashar al-Assad kang njabat wiwit taun 2000 nganti tekan saiki.[1][2]
Bab lan Paragraf |
Asal-usul[sunting]
Hafez lair saka kulawarga Alawite nalika tanggal 6 Oktober 1930. Hafez dadi anggota Angkatan Udara Syria (Suriah) lan dadi pangadeg Partai Ba'ath kang ndadèkaké Hafez olèh posisi kang nguntungaké merga anané kudéta ing Suriah taun 1966.[1] Dhèwèké mèlu ana ing Perang Enem Dina nglawan Israel taun 1967, lan prastawa September Ireng nalika PLO nyoba (kanthi dhukungan saka Suriah) nggulingaké Raja Hussein bin Talal saka Yordania.[1]
Tumuju kakuwasan[sunting]
Hafez munggah ana ing panggung kakuwasan dadi Perdhana Mentri ana ing Suriah merga akèh intrik pulitik ing Wétan Tengah lan uga ana ing negarané.[2] Posisi dadi Perdhana Mentri dadi posisi kuwat kanggo Hafez kang ana ing taun sabanjuré diangkat dadi Présidhèn Suriah.[2]
Nglawan Israel[sunting]
Hafez al-Assad nguwataké posisiné ana ing 30 taun sakwisé lan dadi salah siji tokoh kang duwé pangaruh ana ing Wétan Tengah.[2]