Habash al-Hasib al-Marwazi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
astronomi

Ahmad ibn 'Abdallah Habash Hasib Marwazi (ingkang miyos wonten ing Samarra, Irak sasampunipun taun 869)[1] inggih punika satunggaling astronom ingkang nliti bab astronomi ing tengahing abad Islam, satunggaling geografer lan ilmuwan matematika ing tengahing abad Islam saking Merv wonten ing Khorasan.

Piyambakipun inggih ngrembaka sanget wonten ing Baghdad lan séda ing centenarian sasampunipun taun 869. Piyambakipun inggih makarya wonten ing pamarentahanipun khalifah Abbasiyah, al Ma'mun lan al Mu'tasim.

Padamelanipun[sunting | sunting sumber]

Al Marwazi inggih damel observasi saking taun 825 - 835 lan ngasilaken tigang tabel astronomi. Tabèl ingkang sepisan nggih punika kanthi tata cara Hindhu, tabèl ingkang kaping kalih inggih dipunsebat tested table (tabel uji coba), ingkang minangka tabèl ingkang paling wigati, ingkang tabèl punika inggih identik kados table "Ma'munic" utawi tabel Arab lan bok bilih punika asiling padamelan anggénipun ngempalaken saking karyanipun astronom al Ma'mun. Déné tabèl ingkang kaping tiga inggih punika dipunsebat tabèl the Shah, ingkang minangka tabèl ingkang paling alit.

Apropos saking gerhana srengenge ing taun 829, ilmuwan Habash maringi kita tuladha ingkang sepisanan kangge nemtokaken wekdal lan dhuwuripun srengenge, ingkang punika satunggaling metode ingkang dipunadhopsi dening astronom Muslim. Wonten ing taun 830, piyambakipun kados sampun nepangaken pamanggih bab "wewayangan", umbra (versa), ingkang meh sami kaliyan fungsi trigonometri, tangent wonten ing petangan trigonometri kita, lan piyambakipun ugi ngrantam satunggaling tabel wewayangan ingkang tabel punika ketingalipun inggih tanel ingkang paling sepisnan wonten saking jinisipun. Piyambakipun ugi nepangaken fungsi trigonometri cotangent, lan damel tabel sepisanan kangge fungsi trigonometri punika.[2][3]

Karyanipun[sunting | sunting sumber]

Al Hasib ngawontenaken kathah variasi observasi wonten ing bidhang astronomi ing tengahing jaman Islam wonten ing observatorium Shammisiyyah wonten ing Baghdad lan medalaken ugi kathah nilai bab geografi lan astronomi. Piyambakipun ngrantam asiling panalitenipun wonten ing buku kanthi irah- irahan The Book of Bodies and Distances, lan tuladha awosing bukunipun inggih kados ing ngandhap punika:[4]

Bumi
  • Bunderan (lingkar) bumi: 20,160 miles (32,444 km)
  • Diameter Bumi: 6414.54 miles (10323.201 km)
  • Radius bumi: 3207.275 miles (5161.609 km)
Bulan
  • Diameter bulan: 1886.8 miles (3036.5 km)
  • Moon's circumference: 5927.025 miles (9538.622 km)
  • Radius ingkang paling caket kaliyan bulan: 215,208;9,9 (sexagesimal) miles
  • Sepalih bunderan ingkang paling caket kaliyan bulan (Half-circumference of closest distance of Moon): 676,368;28,45,25,43 (sexagesimal) miles
  • Radius paling tebih jarakipun saking bulan: 205,800;8,45 (sexagesimal) miles
  • Diameter paling tebih jarakipun saking bulan: 411,600.216 miles (662,406.338 km)
  • Bunderan (lingkar) paling tebih jarakipun saking bulan: 1,293,600.916 miles (2,081,848.873 km)
Srengéngé
  • diameter srengéngée: 35,280;1,30 miles (56,777.6966 km)
  • Bunderan (lingkar) srengéngé: 110,880;4,43 miles (178,444.189 km)
  • Diameter orbit saking srengéngé: 7,761,605.5 miles (12,491,093.2 km)
  • Bunderan orbit saking srengéngé: 24,392,571.38 miles (39,256,038 km)
  • Setunggal drajat ing sadawaning orbit srengéngé: 67,700.05 miles (108,952.67 km)
  • Setunggal minute ing sadawaning orbit srengéngé: 1129.283 miles (1817.405 km)

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Charette 2007.
  2. ^ "trigonometry". Encyclopædia Britannica. http://www.britannica.com/EBchecked/topic/605281/trigonometry. Retrieved 2008-07-21.
  3. ^ Jacques Sesiano, "Islamic mathematics", p. 157, in Selin, Helaine; D'Ambrosio, Ubiratan, eds. (2000), Mathematics Across Cultures: The History of Non-western Mathematics, Springer, ISBN 1-4020-0260-2
  4. ^ Langermann, Y. Tzvi (1985), "The Book of Bodies and Distances of Habash al-Hasib", Centaurus 28 (2), doi:10.1111/j.1600-0498.1985.tb00831.x