Guwa Chauvet

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Lukisan Guwa Chauvet

Guwa Chauvet yaiku guwa arkeologi kang dumunung ing Lembah Ardeche, Perancis tenggara.[1] Guwa iki ditemokake ing wulan Desember taun 1994 dening wong telu speleologis (penjelajah gwua) kang jenenge Christian Hillaire, Eliette Brunel-Deschamps lan Jean-Marie Chauvet kang nemokake lawang guwa ing ngisor lemah.[1][2] Jeneng guwa mau banjur diarani salah sijine anggota penjelajah yaiku Jean-Marie Chauvet.[1] Guwa iki minangka guwa kang paling gedhe ing wilayah mau lan wigati banget tumrap panaliten arkeologi amarga dadi situs 300 lukisan, ukiran lan artefak balung kewan kayata beruang paleolitikum, jejak sikil lan sisa perapian manungsa prasejarah.[1]

Adhedhasar analisis itungan radio karbon, artefak-artefak balung mau asale saka 30.000 SM.[1] Lukisan-lukisan kang ana ing guwa nggambarake kewan-kewan kayata badak, singa, kucing liar gedhe dan mammoth.[1] Ana 34 gambar lukisan mammoth saka 22 diukir ing watu lan 13 dilukis ing lumahing gebyog.[1]

Salah siji bageyan serambi diarani Panel Singa, kang duweni gambar pirang-pirang hewan kang ngebaki lorong.[1] Lukisan-lukisan iki kira-kira dilukis antarane 25.000 SM-17.000 SM.[1] Kewan-kewan mau ing antarane singa gedhe kang cacahe 2 lan uga ana kang luwih cilik, sarta badak-badak.[1] Lukisan iki duweni bayangan, utamane ing bageyan dhuwur.[1] Ing ngisor singa ana jejak-jejak pigmen abang lan garis dasar kangngambarake rusa.[1] Kira-kira lukisan kang werna dasare abang luwih disik diciptakake.[1]

Koordinat: 44°21′00″N 4°29′24″E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga; Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga

[sunting] Pranala njaba

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Guwa Chauvet ing Wikimedia Commons.

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m Adams, Laurie Schneider (2001). A History of Western Art. McGraw-Hill. ISBN 0-07-231717-5.
  2. (en)The Chauvet Cave, experienceardeche. Diundhuh tanggal 21 Mei 2010.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Guwa_Chauvet&oldid=588442"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès