Gurkha
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Monumen kanggo Peajurit Gurkha ing Horse Guards Avenue, ing njaba Departemen Pertahanan, Kutha Westminster, London
Gurkha, uga diéja gorkha, iku wong-wong saka Nepal sing njupuk jenengé saka wong suci Hindhu abad ka-18, Guru Gorakhnath. Pangikuté, Bappa Rawal, lair kanthi jeneng Prince Kalbhoj, arupa wong Gurkha pisanan. Gurkha ditepungi utamané amarga kakendelan lan kakuwatané jroning Brigade Gurkha jroning Angkatan Darat Britania Raya sarta Angkatan Darat India. Gurkha uga misuwur amarga péso khasé sing diarani kukri.