Gunung Kachi-kachi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menangipun kelinci lan nalika pungkasan tanuki. Adegan klimaks Gunung Kachi-kachi nalika kelinci nggebuk tanuki nganggé dayung sanajan piyambakipun sampun setengahing kelep. Lukisan Jepang kirang langkung taun 1890-an dumugi 1900-an.

Gunung Kachi-kachi (かちかち山 Kachi-kachi yama?) inggih punika carita rakyat Jepang kanthi cariyos kelinci ingkang paring hukuman tanuki margi matèni simbah kanca kelinci. Tembung "kachi-kachi" kalebet onomatope saking swantun batu apiingkang miturut pamirengan tiyang Jepang mawi swantun "kachi-kachi". Cariyos versi aslinipun dipunwastani tegel sanget, awit saking punika medal vèrsi sanèsipun ingkang langkung alus. Pungkasanipun cariyos ugi asring dipun-gantos kanthi kelinci paring pitulungan marang tanuki ingkang badhé klelep lan gesang kanthi rukun sesarengan [1][2].

Naskah asli[besut | besut sumber]

Versi asli cariyos punika namung nyariosaken tanuki minangka bulan-bulanan balas dendam kelinci. Tumindak ala tanuki nembé dipuntambahaken dados pérangan wiwitan cariyos ing jaman Edo. Knathi ancas ngleresaken tumindak balas dendam kelinci ingkang dipunpindhah ing pérangan tengah dumugi pérangan panutup cariyos. Tiyang ing jaman Edo remen sanget kaliyan cariyos kados makaten amargi ngandhut piwulang moral babagan kasetyan lan tiyang ingkang nglampahi tumindak ala kedah pikantuk ukuman [1].

Lelampahing cariyos[besut | besut sumber]

Ing jaman rumiyin wonten satunggaling pasangan simbah kakung lan simbah putri. Saben simbah kakung makarya wonten ing wana, tanuki dugi lan nganggu kanthi nyanyi-nyanyi. Lirik tembang ingkang dipuntembangaken déning tanuki isinipum kutukan supados panenipun boten kasil. Boten punika kemawon, tanuki ugi ngedhuk lemah lajeng mangan bibit uwi ingkang dipuntandur déning simbah kakung ing wana. Simbah kakung dukha sanget lajeng masang kala (perangkap). Tanuki mlebet ing perangkap mau lajeng dipuntaleni lan dipunbeta kondur. Wonten ing griya dipunmapanaken wonten ing pawon, simbah kakung kondur ing wana. Simbah putri ingkang kepanggih kaliyan tanuki purun mbebasaken tanuki kanthi syarat kedah mbiyantu ngresiki griya nanging tanuki namung ngapusi. Bibar icul, tanuki lajeng nggebuki lan simbah putri mau séda. Daging simbah putri dipunolah dados sup. Nalika simbah kakung kondur dipunsambut déning tanuki ingkang sampun nyamar dados simbah putri. SImbah kakung nedhi sup, lajeng bibar sup mau telas simbah putri banjur kondur dados tanuki lan nyariosaken bilih sadaya. Tanuki kondur dhateng gunung kanthi bungah sanget[1].

Kelinci kancanipun simbah kakung mireng prastawa mau gadhah kekajengan paring piwales marang tanuki. Tanuki ingkang sampun tepang kaliyan kelinci pitados kemawon nalika kelinci ngajak ngempalaken kajeng bakar kanthi opah arta. Bibar kajeng sampun kathah, tanuki mlampah wonten ngajeng kanthi manggul kayu mau. Kelinci ndhèrèk ing wingking amargi péngin ngobong kajeng ingkang wonten ing pundhak tanuki. Tanuki mireng swantun "crek-crek" saking kalih watu geni, nanging tanuki boten saged mirsani amargi katutup kajeng ingkang nembé dipunpanggul. "Swara apa iku 'crek-crek'?" pitakon tanuki. Kelinci mangsuli, "Oh, iku swara manuk Crek-crek saka Gunung Crek-crek ing kana." Bibar saged ngobong pundhak tanuki, kelinci dhateng marang tanuki ingkang nembé gerah amargi kobong. Kelinci maringi mustard ingkang miturut tanuki punika salep kanggé lukanipun. Mustard ingkang kaolesaken ing luka kasenit malah damel tanuki sansaya rumaos gerah. Ing pungkasaning cariyos, tanuki dipunajak déning kelinci mancing ing tlaga. Kelinci nitih prahu ingkang kadamel saking kayu, nanging tanuki nitih prahu saking lendhut (blethok). Kenging toya lendhut mau dados lèlèh lan ambles. Tanuki nglangi nanging dipungebuk déning kelinci ngginakaken dayung saéngga mati ambles [1].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d Gunung Kachi-kachi Archived 2018-11-12 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 8 Fèbruari 2013)
  2. Gunung Cik-cik Archived 2018-11-12 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 8 Fèbruari 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cithakan:Japanese folklore long