Gunung Gedhé

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gunung Gede Flag of Indonesia.svg
Gunung Gede.jpg
Gunung Gede, dideleng saka arah Cipanas
Dhuwur 2.958 meter (9.705 kaki)[1]
Lokasi Sukabumi, Jawa Kulon, Indonésia
Koordinat 6.78° LS 106.98° BT
Jinis Stratovolcano
Jeblugan pungkasan 1957
Rute pendakian paling gampang Cibodas

Gunung Gedhé (panulisan ing Basa Indonésia: Gunung Gede), iku kalebu gunung kang ana ing Pulo Jawa, Indonésia.[2] Gunung Gedhé dunungé ana ing dhaerah Taman Nasional Gede Pangrango, kang kalebu salah sijine saka lima taman nasional kang pisanan diumumake ing Indonésia ing taun 1980.[2] Gunung iki ana ing tlatah telu kabupatèn, yaiku Kabupatèn Bogor, Cianjur lan Sukabumi, dhuwure gunung iki yaiku 1.000 - 3.000 m. dpl, lan ana ing lintang 106°51' - 107°02' BT lan 64°1' - 65°1 LS.[2] Suhu rata-rata ing puncak gunung Gede 18 °C lan yen ing wayah bengi suhu puncak kira-kira 5 °C, curah udan rata-rata 3.600 mm/taun.[2] Gerbang kang utama mara ing gunung iki yaiku saka Cibodas lan Cipanas.[2]

[sunting] Objek Panaliten

Gunung Gedhé kalebu gunung kang khas lan unik, amarga kuwi, Gunung Gedhé didadèkaké salah sijine laboratorium alam kang agawé para paneliti seneng karo Gunung Gedhé.[3]

Ana ing taun 1819, C.G.C. Reinwardt wong kang kaping pisan bisa mendaki Gunung Gedhé, sateruse disusul dening F.W. Junghuhn (1839-1861), J.E. Teijsmann (1839), A.R. Wallace (1861), S.H. Koorders (1890), M. Treub (1891), W.M. Docters van Leeuwen (1911); lan C.G.G.J. van Steenis (1920-1952) wis gawe macem-macem wit-witan kanggo dasar nyusun buku The Mountain Flora of Java kang diterbitake taun 1972.[3]

Gunung Gedhé uga nduwèni macem-macem ekosistem ya iku formasi-formasi alas submontana, montana, subalpin; sarta ekosistem danau, rawa, lan savana.[3]

[sunting] Obyèk Wisata

Gudung Gedhé utawa Taman Nasional Gede Pangrango uga kalebu objek wisata alam kang endah lan akeh dikunjungi dening wisatawan domestik lan internasional.[3].Kayata:

[sunting] Cathetan Suku

  1. Gede. Global Volcanism Program. Smithsonian Institution. URL diaksès tanggal 2006-12-19
  2. a b c d e (id)Wisata Gunung Gede - Pangrango (Dipuntingali tanggal 30 Juni 2011)
  3. a b c d e f g (id)Taman Nasional Gunung Gede Pangrango (Dipuntingali tanggal 30 Juni 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gunung_Gedhé&oldid=593305"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès