Guns N' Roses
| Guns N' Roses | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Asal | Los Angeles, California, Amerik Serikat |
| Génré | Hard rock |
| Taun aktif | 1985-sekarang |
| Label | Geffen, UZI Suicide |
| Magepokan karo | Hollywood Rose, Buckethead, L.A. Guns, Cinderella, Slash's Snakepit, Velvet Revolver, Sixx:A.M. |
| Situs wèb | www.gunsnroses.com |
| Anggota saiki | |
| Axl Rose Dizzy Reed Tommy Stinson Chris Pitman Richard Fortus Ron "Bumblefoot" Thal Frank Ferrer DJ Ashba[1] |
|
| Tilas anggota | |
| Lihat: #Mantan | |
Guns N' Roses (GNR) kelompok musik hard rock saka Amerika Serikat kang mulai kondhang ning akir taun 1980-an lan awal 1990-an, grup musik iki kondhang amarga albume ning taun 1987 Appetite for Destruction lan sawise kuwi ngrilis album Use Your Illusion I lan Use Your Illusion II, Anggotané Axl Rose mantan vokalis Hollywood Rose lan Tracii Guns kang mantan gitaris L.A Guns.[2] Albumé kang pisanan APPETITE FOR DESTRUCTION dirilis ning taun 1987.[2] Album iki laris amarga single-single kayata Welcome to the Jungle, Sweet Child o' Mine, lan Paradise City.[2]
Albumé kang kaping loroné judulé GN'R LIES ora patiya populer tinimbang album-album sadurungé, single kang diunggulaké Patience ora bisa anggawe masarakat ngremeni.[2] Ananging, dobel album USE YOUR ILLUSION I lan USE YOUR ILLUSION II kang dirilis ning taun 1991 bisa anggawa grup musik iki ana ning puncak kajayaan maneh.[2]
Rong album iki isiné tetembangan kang akeh, tetembangan kang akiré bisa anggawe grup musik iki bisa kondhang karo jeneng Guns N' Roses kayata: Don't Cry, November Rain, Civil War, Knockin' on Heaven's Door, lan Estranged.[2]
Album THE SPAGHETTI INCIDENT? kang dirilis ning taun 1993 bisa didadekaké perlambang akir kajayan saka grup musik iki.[2] Album kang isiné tetembangan daur ulang saka artis-artis sejen iki ora bisa ngraup kauntungan kayata album-album sadurungé.[2] GN'R ana ning puncak kajayan, nalika dianggotani dening : Axl Rose, Slash, Izzy Stradlin, Duff McKagan, Dizzy Reed, lan Matt Sorum.[2]