Gula perédhuksi
Gula perédhuksi yaiku golongan gula (karbohidrat) kang bisa ngredhuksi senyawa-senyawa panampa èlèktron, tuladhané yaiku glukosa lan fruktosa.[1] Pucuking sawijining gula peredhuksi yaiku pucuk kang ngandhut gugus aldehida utawa keto bebas. Kabèh monosakarida (glukosa, fruktosa, galaktosa) lan disakarida (laktosa,maltosa), kejaba sukrosa lan pathi (polisakarida), kalebu minangka gula peréduksi.[1] Umume gula peréduksi kang diasilake gegayutan raket karo aktifitas enzim, yaiku tansaya dhuwur aktifitas enzim mula tansaya dhuwur uga gula perédhuksi kang diasilaké.[1] Cacahé gula perédhuksi kang diasilaké nalika réaksi diukur kanthi nggunakaké peréaksi asam dinitro salisilat/dinitrosalycilic acid (DNS) ing dhawaning gelombang 540 nm.[1] Tansaya dhuwur biji absorbansi kang diasilaké, tansaya akèh uga gula perédhuksi kang kakandhut.[2]