Gregory Pincus
| Gregory Goodwin Pincus | |
|---|---|
El Dr. Gregory Pincus, Sir John Hammond, lan Dr. Min Chueh Chang
|
|
| Miyos | 09 April 1903 Woodbine, New Jersey, USA |
| Tilar donya | 22 Agustus 1967 (umur 64) Boston, Massachusetts, USA |
| Dalem | Northborough, Massachusetts, USA |
| Warga negara | American |
| Bidhang | Biology |
| Lembaga | Harvard University Worcester Foundation for Experimental Biology |
| Lulusan saking | Cornell University Harvard University |
| Kaahlian | Combined oral contraceptive pill |
Dr. Gregory Pincus (lair 9 April 1903, seda 22 Agustus 1967) inggih menika ahli biologi saking Amerika Serikat ingkang wiwit damel pil kontrasepsi.[1] Pil menika nggadhahi fungsi ingkang awrat minangka panyegah mbobot tumraping tiyang estri. [1] Tiyang ingkang mbiyantu kerjanipun Pincus saengga saged damel pil kontrasepsi inggih menika Margaret Sanger, Dr. Min-Chueh Chang, lan Dr. John Rock. [2] Biolog saking Amerika menika nggadhahi peran ingkang awrat awit sampun nemokaken pil kontrasepsi. [2] Awit pil menika nggadhahi manfaat ngendalikaken perkembangan penduduk donya ingkang saya dangu saya kathah. [2]
Bab lan Paragraf |
Lair lan Sekolahipun [sunting]
Gregory Goodwin Pincus lair ing Woodbine, New Jersey saking kulawarga ingkang nganut agami Yahudi. Panjenenganipun lulus kuliah ing Universitas Cornell ing taun 1924. Pincus nglajengaken kuliah ing Universitas Harvard, [1] lan pikantuk gelar doktor. [2] Taun 1927 ngantos 1930, panjenenganipun dhateng Universitas Cambridge ing Inggris. [1] Pincus sampun nate ndherek panaliten ing pinten-pinten lembaga, kalebet ing Harvard lan Cambridge. [1] Pincus ugi dados mahaguru ing Clark. [1] Taun 1944, panjenenganipun mbiyantu Worcester Foundation kagem panaliten biologi, lan ugi nate dados pimpinan laboratorium. [1] Panjenenganipun sampun nyerat langkung saking 250 kertas kerja ilmiah lan buku The Eggs of Mammals, buku Conquest of Fertility, taun 1965. [2]
Tilar Donya [sunting]
Panjenenenganipun tilar donya ing taun 1967 nalika yuswanipun 64 tau ing Boston.[1][2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h "Dr. Pincus, Developer of Birth-Control Pill, Dies", New York Times, August 23, 1967. diaksès tanggal 2007-07-21. "Dr. Gregory Goodwin Pincus, one of the three "fathers" of the birth-control pill, died here tonight at Peter Bent Brigham Hospital of myeloid metaplasia, a rare blood disease. He was 64 years old and lived in Northboro."
- ^ a b c d e f (id)[Michael H. Hart. 1978. Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sejarah. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya]
Pranala Njawi [sunting]
(en) [http://www.flanderstoday.eu/content/little-pill-could The composition nowadays and the real discoverer]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.