Greg Nwokolo

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Greg Nwokolo

Gregory Junior Nwokolo (lair ing Enugu, Nigeria, 3 Januari 1986; umur 26 taun) menika salah setunggaling pemain bal-balan Indonésia ingkang asalipun saking negara Nigeria.[1] Greg Nwokolo naté main wonten ing Persija Jakarta nalika Liga Indonesia taun 2010/2011.[1] Sanajan naté ribut saha pikantuk cap ingkang mboten saé kaliyan Badan Liga Indonesia, samenika Greg Nwokolo tampil langkung sabar.[1] Kejawi menika Greg Nwokolo ugi langkung fokus nalika main.[1] Greg kang ugi dados gelandang serang Persija Jakarta menika main kanthi saé nalika timipun nglawan Persiwa Wamena wonten ing Stadion Utama Gelora Bung Karno, Senayan, nalika dinten Rebu tanggal 11 Februari 2009 kepungkur.[1] Mboten namung nyithak gol ingkang cacahipun kalih kanggé Macan Kemayoran, Greg ugi dados pemain ingkang nggadhahi andil nalika gol ingkang sepisanan saking Bambang Pamungkas lumantar titik penalti.[1] Greg ugi asring dados pemain ingkang dipunwastani motor serangan Persija kaliyan dhuet Aliyudin saha Bambang Pamungkas. [1]Greg Nwokolo menika putra ingkang kaping gangsal saking pasangan Gregory Nwokolo saha Josephine Nwokolo.[1] Greg Nwokolo miwiti karir wonten ing kompetisi nasional sesarengan kaliyan Persijatim Solo FC nalika taun 2004. [1] Greg Nwokolo menika ngingilipun 175 cm saha awratipun 72kg.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i (id)bola.vivanews.com(dipunundhuh tanggal 25 September 2011)
  2. Cithakan:Isoccerway.com(dipunundhuh tanggal 25 September 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Greg_Nwokolo&oldid=655223"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès