Green Day
| Green Day | |
|---|---|
Billie Joe Armstrong sang vokalis Green Day
|
|
| Latar wuri | |
| Asal | Berkeley, CA, Amerika Serikat |
| Génré | Punk rock Pop punk Rock alternatif |
| Taun aktif | 1987 – sekarang |
| Label | Reprise / Warner Bros / Lookout |
| Magepokan karo | The Lookouts Pinhead Gunpowder The Frustrators The Network Foxboro Hot Tubs |
| Situs wèb | www.greenday.com |
| Anggota saiki | |
| Billie Joe Armstrong Mike Dirnt Tre Cool |
|
| Tilas anggota | |
| John Kiffmeyer | |
Green Day yakuwi kelompok musik bergenre punk rock kang asale saka California, Amerika Serikat dianggotani dening Billie Joe Armstrong (penyanyi utama, gitaris), Mike Dirnt (basis, penyanyi pendukung), lan Tré Cool (pemain drum, penyanyi pendukung).[1], serta Al Sobrante kang ndisiki metu ning grup musik iki.[1] Grup musik iki anduweni album American Idiot iku wus menangaké penghargaan-penghargaan, kayata MTV Video Music Awards, Nickelodeon Kids' Choice Awards lan wus ping telu menangaké Grammy Awards, kayata ning katrgori Best Alternative Album liwat albumé kang jejudul Dookie kang dirilis ning taun 1994, Best Rock Album kanggo albumé kang jejudul American Idiot taun kang dirilis ning taun 2004 lan Record of the Year kanggo album kang judulé Boulevard of Broken Dreams.[1]
Grup kang dibentuk ning taun 1989 iku diitung wus bisa ngedol luwih saka 24.2 yuta album ning Amerika Serikat lan luwih saka 60 yuta album ning sakabehing daerah ning dunya.[1] Karo pangalaman lan prestasiné kuwi, Green Day dianggep wus nguripaké maneh semangat anggoné para musisi rock bengenre punk ning kabeh daerah ning dunya.[1]
Taun 2010, Green Day ngrilis CD lan DVD kang diwenehi judul AWESOME AS FUCK iki bakal dirilis ning tanggal [[15 Maret[[ taun 2011.[2] Billie Joe Amrstrong, menehi ngarti menawa CD iki bakal dijukut saka live green day ning saluruh daerah ning dunya sawuwené tur 21st CENTURY BREAKDOWN.[2] Lan DVDné bakal dijukut gambaré nalika tampil ning Tokyo.[2] Kanggo pressale Green Day nggandheng Amazon (situs penjualan online), lan dibandrol ning rega US$ 20.[2]