Gréja Yesus Sajati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gréja Yesus Sajati iku sawijining gréja non-dhénominasi (mandhiri) kang diadegaké ing Beijing, Tiongkok taun 1917. Gréja iki olèhé wiwit ing Tiongkok taun 1900-an, ing antarané gréja-gréja Protèstan, kamangka idéologiné dhedhasar Gerakan Pentakosta.

Ing 1939, Injil wiwit dikhotbahaké ing Indonesia lan Gréja Yesus Sajati wiwit diadegaké ing Indonesia.

Taun 1967, Paguyuban mancanagara Gréja iki dibangun ing Los Angeles, Amérikah Sarékat. Kabèh anggota Gréja iki ana kira-kira 1,5 juta lan anggotané kasebar ing 5 bawana.

Kasepuluh prakara kaparcayan[besut | besut sumber]

Kasepuluh kaparcayan Gréja Yesus Sajati kang wigati dhéwé iku:

1. Gusti Yesus Kristus, Sabda kang dadi daging, iku séda ing kayu salib kanggo nebus wong-wong dosa, banjur wungu manèh ing dina kaping telu lan mikrad ing swarga. Mulané panjenengané satunggal-tunggalé juru Slamet Manungsa, Pancipta Langit dan Bumi, lan satunggal-tunggalé Allah sajati

2. Alkitab iku terdiri saka Prajanjian Lawas dan Prajanjian Anyar, kang diilhami déning Allah, lan siji-sijiné kabeneran Alkitabiah, lan ukuran kanggo uripé wong Kristen.

3. Kaslametan diparingaké déning anugrah Allah liwat Iman. Wong kang percaya kudu ngandalaké Roh Kudus Suci kanggo urip ing kasucèn, kanggo mumulèni Allah, lan kanggo nresnani pepadhané manungsa.

4. Baptisan banyu iku sakramèn kanggo ngilangi dosa kanggo lair manèh. Baptisan kudu dilakokaké ing banyu kang mili cara alami, kaya ta kali, sagara, utawa sumber banyu. Pembaptis kang wis nampa baptisan banyu lan baptisan Roh Suci, nglakokaké baptisan ing Asmaning Gusti Yesus Kristus.

5. Panampan Roh Suci, kang dibuktèkaké nganggo basa roh iku jaminané wong kanggo olèh Karaton Sorga.

6. Sakramèn pangumbahan sikil bisa nggawé wong kanggo mèlu njupuk pérangan barengan karo Gusti Yesus Kristus. Sakramèn iki uga nduwé fungsi dadi tali kang terus-terusan nalèni wong yèn kudu nduwé katresnan, kasucèn, kerendahan hati, pangampunan lan paladènan.

7. Perjamuan kudus iku sakramèn kanggo ngèling-èlingi sédané Gusti Yesus Kristus. Prakara iki nggawé wong bisa njupuk pérangan ing daging lan getihé Allah lan bisa manunggal karo Gusti supaya olèh urip langgeng lan bangkit manèh nalika kiyamat. Sakramèn iki dianakaké sakerep-kerepé.

8. Dina Sabat iku dina kaping pitu (Sabtu), lan dianggep dina suci kang dibrekati lan disucèkaké déning Allah. Dina Sabat kudu diélingi ing ngisoré anugrah Allah kanggo ngéling-éling panciptan lan kaslamatan saka Allah, lan karo pangarepan palèrènan lestari ing urip sawisé mati.

9. Gréja Yesus Sajati, diadegaké déning Pangérané awaké dhéwé; Gusti Yesus Kristus, liwat Roh Suci nali 'udan pungkasan', ya iku gréja karasulan sajati kang dipulihaké manèh.

10. Tekané Pangéran kang kaping pindho iku bakal ana ing akiré jaman, nalika Panjenengé medhun saka swarga kanggo ngakimi donya: wong-wong bener bakal olèh urip lestari, kamangka kang ala bakal diukum sasuwé-suwéné.

Pranala njaba[besut | besut sumber]