Gotgam
Gotgam (곶감) yaiku jinis manisan kas Korea kang digawe saka woh kesemek kang wis digaringake.[1][2] Gotgam duweni tekstur kang alus lan wernane coklat padhang.[1] Panganan iki digawe kusus ing mangsa gugur yaiku nalika woh kesemek wis padha mateng.[1] Woh kesemek kang atos dipilih kanggo gawe gotgam, banjur kulite dionceki lan digantung nganggo tali ing lumbung utawa ing ngisor pyan ing plataran omah.[1] Amarga kena srengenge, woh kesemek mau dadi ciut lan ngasilake bubuk-bubuk putih.[1] Gotgam digunakake kanggo acara-acara kusus amarga bisa awet yen disimpan ing antarane minanka pangananan persembahan ing upacara ritual lan festival.[1] Amarga rasane legi, manisan iki digunakake minangka bahan ombenan legi kang diarani sujeonggwa.[1] Gotgam uga bisa dipangan bareng walnut kang diarani gotgamssam lan biyasae disajekake marang tamu.[1]