Golongan tabèl périodik
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Golongan tabèl périodik kuwi sawijining kolom vertikal ing tabèl périodik unsur kimia. Tabèl standar tabèl périodik dipérang dadi 18 golongan kang ing antarané sacara langsung magepokan karo dhèrèt kimia.
Panjelasan modèrn ngenani pola tabèl périodik yakuwi unsur-unsur jroning sawijining golongan nduwèni konfigurasi orbit elektron paling njaba kang padha. Amarga sabagéan gedhé sipat kimia unsur ditentokaké déning interaksi elektron paling njaba, unsur-unsur kimia ing siji golongan kang padha kapara nduwé sipat fisik lan kimia kang sarupa.