Golgota

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Golgota punika satunggiling bukit panggénan panyaliban Yesus.[1] Golgota asal saking tembung Aram gulgota, ingkang tegesipun 'tengkorak' (Mat. 27:33; Luk. 23:33).[2] Nami punika dipunselarasaken kaliyan wangun panggénanipun ingkang bunder kados wujud tengkorak. Minangka papan panggénann ukuman pati lan pesaréyan, pramila Golgota dumunung wonten ing njawi témbok kitha. Lapuran punika cocog kaliyan panempatan tradisional: Maharaja Hadrian mrintahaken nimbun dhaérah punika kanggé pawiyaran kitha. Ing papan punika dipunadegaken pasar Aelia Capitolina. Maharaja Konstantin nggali malih papan punika lan mbangun gréja kabangkitan.

[sunting] Rujukan

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Golgota ing Wikimedia Commons.
  1. (id) Ron Geaves,2002, Continuum Glossary of Religious Terms, London: Continuum, Hlm. 69.
  2. (id) J.D.Douglas,1992, Ensiklopedi Alkitab Masa Kini, Jakarta: Yayasan Komunikasi Bina Kasih, Hlm. 345,
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Golgota&oldid=651504"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès