Golekan
Golekan utawa boneka asalé saka basa Portugis saka tembung boneca.[1] Boneka yaiku dolanan kang bentuké werna-werna kayata mirip wong utawa kéwan lan tokoh-tokoh fiksi.[1] Golékan kalebu dolanan kang paling tuwa. Awit nalika jaman Yunani, Romawi utawa Mesir kuno, golekan wis ana.[1] Jaman saiki bentuk, bahan lan wernané boneka wis werna-werna.[1] Semana uga ukurané, ana sing gedhé ana sing cilik.[1]
Padatan golekan digawe kanggo dolanan bocah cilik, nanging kadang-kadang uga digunakake kanggo ritual kang ana gandheng cenenge karo alam utawa kang asipat gaib utawa klenik, kayata upacara-upacara keagamaan ing jaman dhisik, dolanan jelangkung, sihir utawa upacara kanggo ngundang roh. Golekan asring ditemokake ing kuburan-kuburan kuno utawa situs sajarah utawa prasajarah.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Perkembangan Golekan
[sunting] Jaman 3000-2000 SM
Ing jaman iki, padatan golekan kagawe saka lempung, utawa kayu kang wis tinugel, utawa potongan kain. Wujude ing sederhana benget lan nduweni fungsi riyual. Tuladhane ing Yunani lan Romawi Kuno, saben bocah wadon kudu nduweni golekan, banjur nggawekake klambine, lan wajib disimpen nganti tekan arep nikah. Nalika arep nikah, golekan iku kudu diselehake ing altar Artemis (kanggo wong Yunani) utawa altar Diana (kanggo wong Romawi) kanggo upacara keagamaan. Ing Mesir Kuno, golekan digunakake minangka gantine kurban manungsa.
[sunting] Jaman 600 SM
Ing jaman iki mulai ana golekan kang klambine bisa diganti, lan sikil sarta tangan bisa diobahake. Fungsi golekan isih padha karo jaman sadurunge, yaiku kanggo upacara ritual. Golekan mujudake gambaran humanis.
[sunting] Jaman Abad kaping-5
Iki abad pertengahan. Bahan golekan mulai ana sing saka kayu. Fungsi ritual golekan isih ana ing jaman iki. Kaya ing Meksiko, golekan akeh kang awujud kaluwarga suci lan digunakake kanggo perayaan Natal. Ing suku Indian Hopi, golekan dadi bageyan ing upacara kesuburan (njaluk supaya diwenehi kesuburan utawa kemakmuran).
[sunting] Jaman kaping-14
Golekan modern mulain ana ing Eropah. Wujude ing beda banget karo golekan kang sadurunge. Raine ayu lan alus kaya manungsa, sarta nduweni dhadha. Ing jaman iki golekan wis ora asipat ritual, nanging mode. Mula iku, golekan nganggo klambi utawa gaun lan [rambut]] kang mirip karo mode jaman iku. Akeh para bangsawan kang nganggo golekan kanggo mamerake lan misuwurake golekan ing negarane (maklum ing jaman iku majalah mode durung ana). Iki kaya kang dilakoni ratu Prancis, Isabeau saka Bavaria ing sangarepe ratu Inggris. Kasunyatane, mode Prancis bisa luwih misuwur ing manca negara amarga ananing golekan.
[sunting] Jaman kaping-15
yen sadurunge golekan digawe kanggo awake dhewe, mulai jaman iki dikomersialakake. Fungsine owah saka ritual lan mode dadi dolanan. Kacathet ing sajarah, sing nggawe golekan kanthi komersial kang pisanan ana ing Jerman. Kutha-kutha kang nggawe golekan yaiku Nuremberg, Augsburg, lan Sonneberg. Bebarengan iku, serikat pekerja sing nggawe golekan kabentuk mula ana aturan standar nggawe lan ngadol golekan. Wujud golekan kang digawe ing Jerman nalika iku padatan awujud wong wadon Jerman. Bahane saka kayu, lempung, lan potongan kain.
[sunting] Barbie
Salah siji bentuk golékan yaiku golékan barbie.[2] Golékan barbie iki bentuké wong wedok ayu kang nduwé sikil dawa.[2] Barbie mulai ana wiwit taun 1945 saka kuluwarga kang seneng marang golékan.[2] Kuluwarga iki éntuk inspirasi saka anak wedoké kang seneng dolanan golékan saka kertas.[2] Ibuné kang jenenge Ruth Handler nduwéni rasa welas asih marang anaké kang jenenge Barbara Handler kang kerep sedih nalika bonéka kang digawé saka kertas mau suwék.[2] Mulané ibuné nggawékaké dolanan anyar kanggo anaké supaya awet yen dianggo dolanan.[2]
Ibuné banjur nggawé golékan kanthi rupa bocah wedok kang ayu.[2] Golékan iki nduwé rambut pirang lan mripat kang wernané biru. Déné sikil lan lengene dawa saéngga boneka mau ketok singset lan ayu.[2] Bentuk awaké golékan Barbie dipercaya dadi bentuk awak wong wedok kang ideal kanthi ukuran miniatur.[2] Mulané akéh modhél-modhél kang kepéngin nduwé awak kang singset kaya Barbie.[2] Barbie mulai digawé taun 1945.[2] Kang nggawé Barbie yaiku pabrik golékan kang dipimpin kluargané Handler kang arané Mattel Toy Company ing Amerika Serikat. Golékan iki diwénéhi jeneng jumbuh karo jenengé bocah wadon ing keluarga Handler yaiku Barbara.[2] Mung jeneng mburiné kang diowahi dadi Barbara Milicent Robert kang biyasané diarani Barbie.[2]