Glukosa
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 760 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Glukosa, sawijining gula monosakarida, yaiku salah sawijining karbohidrat wigati kang digunakaké minangka sumber kéwan lan tetanduran.[1] Glukosa yaiku salah sawijining kasil utama fotosintesis lan respirasi wiwitan. Glukosa (C6H12O6) yaiku heksosa-monosakarida kang ngandhut enem atom karbon.[1] Glukosa kuwi aldehida kang ngandhut CHO lan dadi sumber tenaga ing endi-endi sajroning biologi.[1] Glukosa bisa dibentuk saka formaldehida ing kahanan abiotik, saéngga bakal gampang sumadya kanggo sistem biokimia primitif.[1] Glukosa yaiku gula utama kang digawé awak. Awak nggawé glukosa saka protein, lemak, lan utamané saka karbohidrat.[2] Glukosa diteraké menyang saben sèl lumantar iliné getih.[2] Nanging , sèl-sèl kuwi ora bisa nggunakaké glukosa tanpa pambiyantu insulin.[2] Glukosa uga diarani dekstrosa.[2]