Gitar bas
Siji gitar bas Stingray gawéyan Music Man |
|
| senar | |
|---|---|
| Jeneng liya | Gitar bas listrik |
| Klasifikasi | Instrumèn senar (plucked utawa picked; arang strummed) |
| Klasifikasi Hornbostel–Sachs | 321.322 (Komposit chordophone) |
| Inventor(s) | Paul Tutmarc, Leo Fender |
| Digawé | 1930s |
| Jangka | |
|
(a standard tuned 4-string bass guitar)
|
|
| Instrumèn kagandhèng | |
| Pemusik | |
Gitar bas (asring dipunsebat Bas listrik utawi bas kemawon) inggih menika piranti musik dawai ingkang ngginakaken listrik supados saged ngagengaken swantenipun. Wujudipun meh sami kaliyan gitar listrik ananging nggadhahi wujud ingkang langkung ageng, kajengipun langkung panjang, lan limrahipun nggadhahi sekawan senar (gitar listrik nggadhahi enem senar).[1] Gitar bas umumipun langkung abot tinimbang gitar listrik ingkang biasa, amargi senaripun ingkang langkung kandhel (kangge njagi nada/swantenipun) saengga kedah milih kajeng ingkang kandhel lan atos supados saged ngimbangi tekanan ing neck (gulunipun gitar).[2] Sanesipun menika ukuranipun fret (kolomipun gitar) ingkang langkung ageng ingkang dipunjumbuhaken kaliyan kandhelipun senar.[2] Wonten kathah jinis gitar bass ingkang dipunangge ngantos samenika. Ingkang asring dipunangge arupi contra bass lan cello bass (ingkang asring dipunangge ing pagelaran opera), bass listrik (biasa dipunangge ing sedaya pagelaran utaminipun pagelaran band), sarta bass fretless ingkang sami kaliyan bass listrik ananging boten wonten fret (kolom/ingkang kangge mbatesi wonten ing papan teken/neck) wonten ing bass kasebat.[2] Prinsip kerjanipun bass fret less meh sami kaliyan contra/cello bass namung wujudipun ingang arupi gitar lisrtik.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (en)[Stanley Sadie lan John Tyrrell. 2001. According to the New Grove Dictionary of Music and Musicians, an "Electric bass guitar [bass guitar] [is] a Guitar, usually with four heavy strings tuned E1'-A1'-D2-G2." The New Grove Dictionary of Music and Musicians. London]
- ^ a b c d (en)[Stanley Sadie lan John Tyrrell. 2001. The New Grove Dictionary of Music and Musicians defines the term bass thus: "Bass (iv). A contraction of Double bass or Electric bass guita. London]
Pranala Njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.