Ginjel
Ginjel iku organ ekskresi ing vertebrata sing bentuké mèmper kacang. Minangka bagéyan saka sistem urin, ginjel duwé fungsi nyaring regetan (utamané urea) saka getih lan mbuwang bareng karo banyu mawa bentuk urin. Cabang saka kadhokteran sing nyinaoni ginjel lan panyakité diarani nefrologi.
Bab lan Paragraf |
Anatomi dasar[sunting]
Papan[sunting]
Manungsa duwé sepasang ginjel sing ana ing mburi weteng utawa abdomen. Ginjel iki ana ing tengen lan kiwa balung mburi, sangisoré ati lan limpa. Ing bagéyan ndhuwur (superior) ginjel ana kelenjar adrenal (uga diarani kelenjar suprarenal).
Ginjel asifat retroperitoneal|retroperitoneal, sing tegesé ana ing mburi peritoneum sing nglapisi rongga abdomen. Loro ginjel mau ana ing sekitar vertebra T12 nganti L3. Ginjel tengen biasané papané rada medhun tinimbang ginjel kiwa kanggo mènèhi papan ati.
Sabagéyan saka bagéyan ndhuwur ginjel dilindhungi déning iga angka sewelas lan rolas. Ginjel dibungkus déning rong lapisan lemak (lemak perirenal lan lemak pararenal) sing mbiyantu ngredhem goncangan.
Struktur dhetil[sunting]
Nggon wong diwasa, saben ginjel duwé ukuran dawa watara 11 cm lan kandelé 5 cm kanthi bobot watara 150 gram. Ginjel duwé bentuk kaya kacang mawa lekukan sing ngadhep mlebu. Ing saben ginjal ana bukaan sing diarani hilus|hilus sing ngubungaké arteri renal, vena renal, lan ureter.
Pirsanana uga[sunting]
| Sistem urin |
|
Ginjel | Urètèr | Kandhung kemih | Uréthral sphincter | Urétra |
