Gilo

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Sawijining dalan ing Gilo

Gilo (Ibrani: גילֹה‎) iku sawijining pakampungan Yahudi ing Yerusalem Wétan. Tlatah iki ndarbèni padunung kurang luwih 40.000 jiwa. Komunitas internasional mandheng menawa Gilo iku pamukiman ilegal Israèl, nanging Israèl sélak. Gilo anyar diadegaké ing taun 1973, nanging èkskavasi arkéologis nudhuhaké menawa situs iki wis dienggoni wong wiwit Jaman Wesi I, Jaman Romawi, Bizantium lan nganti saiki. Nganti taun 1917 tlatah iki darbéné Kakaisaran Ottoman banjur sawisé iku dadi dhaérah Mandat Palèstina Britania. Ing taun 1948, tlatah iki dadi tlatah Yordania. Sawisé Perang Enem Dina ing taun 1967, Israèl nguwasani tlatah iki lan dicaplokaké kanggo Yerusalem. Gilo iku dunungé sakidulé kampung Arab Beit Safafa lan saloré kutha Beit Jala ing Gisik Kulon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gilo&oldid=641041"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès