Gianluigi Buffon

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gianluigi Buffon
G Buffon.jpg
Informasi Pribadi
Jeneng jangkep Gianluigi Buffon
Tanggal  lair 28 Januari 1978 (umur 34)
Papan  lair    Carrara, Italia
Dhuwur 1.91 m (6 ft 3 in)
Posisi main Kiper
Club information
Klub saiki Juventus
Nomer 1
Klub remaja
1991–1995 Parma
Klub senior1
Taun Klub App (Gls)*
1995–2001
2001–
Parma
Juventus
0168 (0)
286 (0)   
Tim Nasional2
1995–1997
1997–
Italia U-21
Italia
011 (0)
102 (0)

1 Panampilan ing Klub senior lan gol
mung diitung ing liga domèstik waé and
correct as of 16 Januari 2011.
2 National team caps and goals correct
as of 14 Juni 2010.
* Panampilan (Gol)

Gianluigi Buffon kang duwe nama paraban seuperman lair ing Carrara, Italia tanggal 28 Januari 1978.[1][2] Buffon main dados kiper wonten ing klub Juventus lan Tim Nasional Italia.[3] Piyambakipun Miwiti debutipun nalika yuswa 17 taun wonten ing klub Parma nalika main lawan AC Milan.[3] Prestasi paling sae saking Buffon inggih menika nalika piyambakipun dados juara dunia 2006.[3] Buffon asring dipunsebat dados salah satunggal kiper paling sae wonten ing donya.[3] Salah satunggaling bebungah ingkang dipunsabet dening piyambakipun inggih menika gelar Kiper paling sae Serie A kaping 8.[1]

Bab lan Paragraf

[sunting] Profil

Lair saking kulawarga ingkang latar belakangipun olahraga[4][5] Maria Stella inggih menika ibunipun minangka satunggaling atlet lempar cakram lan Bapakipun inggih menika Adriano Buffon minangka atlet angkat wesi[5]. Buffon menika putra pembarep saking tingang sedulur. Rayinipun inggih menika Veronica lan Guendalina ingkang gadhah profesi dados atlet voli. Paklikipun Buffon Angelo Masocco inggih gadhah pakaryan minangka atlet basket.[5] Satunggaling kiper legendaris saking Italia Lorenzo Buffon uga taksih gadhah paseduluran kaliyan mbah kakungipun Gianluigi Buffon. Buffon gadah sisihan wanudya saking Ceko inggih menika Alena Šeredová.[6] Buffon lan Alena sampun kanugrahan lare kalih inggih menika Louis Thomas (lair 28 Desember 2007) lan David Lee (lair 31 Oktober 2009).[5] Putra nomer satunggal saking Buffon dipunparingi nama "Thomas" amarga Buffon gadhah idola inggih menika Thomas N'Kono.[5]

[sunting] Kareir Klub

[sunting] AC Parma

Buffon miwiti kariéripun wonten ing akademi bal-balan klub AC Parma taun 1991 nalika yuswanipun 15 taun.[7] Buffon lulus saking tim junior taun 1995 nalika taksih yuswa 19 taun.[7] Buffon lajeng miwiti debutipun wonten Serie A nalika Parma lawan AC Milan tanggal 19 Nopember 1995, lan wonten pertandingan menika Parma saged nahan imbang Milan kanthi skor 0-0.[7] Buffon lajeng angsal kesempatan malih kanggo main. Nalika taun 1996 Buffon resmi dados kiper utama Parma, nalika dados kiper utama, pelatih kiper wonten ing klub Parma inggih menika Louie P kang uga dados kiper legendaris saking klub Parma.[7] Buffon lajeng main langkung saking 200 pertandingan, lan wonten ing musim kaping sekawanipun inggih menika nalika musim 1998-1999, piyambakipun saged mbekta Parma dados juwara Piala UEFA lan Coppa Italia.[7] Musim 2000-01 dados musim ingkang pungkasan Buffon wonten ing Klub Parma.[8] Kathah gosip ingkang nyebataken bilih Buffon dados inceran saking klub-klub Italia.[8] Gosip ingkang paling santer inggih menika Buffon dipunminati dening klub ingkang dados juara bertahan Liga Italia inggih menika klub AS Roma.[8] Kabar menika lajeng dipunbantah dening pihak saking klub Roma ingkang mendhet Ivan Pelizzoli saking Atalanta.[8] Buffon piyambak mboten nanggepi gosip ingkang sampun sumebar kanthi temen, lan Buffon banjur ngucap:

Saya rasa, Roma bukanlah tempat yang baik bagi saya untuk mengembangkan karier. Mereka memang juara tapi keuangan mereka tipis sehingga kemungkinan akan membuat saya berjuang sendirian sebagai salah satu bintang di sana bersama Francesco Totti.[8]

Klub saking Kutha Turin, Juventus lajeng cepet-cepet mundhut Buffon kang dados satunggal paket kaliyan Lilian Thuram.[9] Regi transfer Buffon piyambak nalika jaman semanten inggih menika £32,6 yuta ingkang ndamel piyambakipun dados kiper paling awis.[9] Minangka bagean saking transferipun, Juventus lajeng maringaken Jonathan Bachini kagem klub Parma.[10]

[sunting] Juventus FC (2001-saiki)

Gianluigi Buffon dados salah satunggaling pemain ingkang dipunpundhut Juventus saking klub Parma wonten ing musim kompetisi 2001-02 sesarengan kaliyan kanca satunggal timipun Lilian Thuram lan uga gelandang saking klub SS Lazio Pavel Nedved.[11] Juventus piyambak saged ngrawuhaken arto seger sasampunipun nglego bintangipun Zinedine Zidane menyang klub Real Madrid.[12] Juventus lajeng ngrawuhake Marcello Lippi malih sasampunipun Carlo Ancelotti dipunpecat amargi piyambakipun gagal mbekta Juventus dados juara Serie A.[13] Musim ingkang kapisan wonten ing klub Juventus, Buffon sampun saged dados kiper utama lan uga dados starting eleven.[14] Piyambakipun sampun tampil kaping 45 pertandingan resmi.[14] Buffon lajeng saged mbekta Juventus dados juwara Serie A.[14] Wonten ing musim 2002-03, Buffon tampil wonten ing 47 laga resmi lan sepisan malih saged ndadosake Juventus juwara Serie A.[14] Piyambakipun uga saged mbekta Juventus wonten ing final Liga Champions ingkang dipungelar wonten ing Stadion Old Trafford, Inggris. [14] Saking prestasinipun kala wau, Buffon lajeng pikantuk kanugrahan UEFA Most Valuable Player nalika taun 2003 lan uga gelar minangka Kiper paling sae wonten ing donya.[15] Musim 2003-04, Buffon tampil wonten ing 38 laga, nanging nalika taun menika Juventus gagal anggone dados juwara Serie A. Piyambakipun uga pikantuk kanugrahan sanesipun, inggih menika kalebu wonten ing Dhaptar 125 Pesepakbola Aktif Paling Sae versi legenda sepak bola Brasil nalika taun 2004, Pele.[16] Lajeng wonten ing musim 2004-05, Buffon uga saged dados salah satunggaling bintang ingkang saged mbekta Juventus dados juwara Serie A saking asuhan pelatih Fabio Capello.[16] Nalika sasi Agustus 2005, Buffon ngalami kacilakan nalika ngadhepi AC Milan wonten ing ajang pra musim Luigi Berlusconi Trophy.<refname ="trof"> Piyambakipun tabrakan kaliyan Kaka. Buffon lajeng divonis cedhera dislokasi bahu lan kedah nglakokake operasi. [17].

[sunting] Karier internasional

Gianluigi Buffon bebarengan karo kanca-kancanipun wonten ing tim nasional bal-balan Italia nalika dados juwara Piala Dunia 2006 ing Jerman.

Gianluigi Buffon miwiti debutipun kangge tim nasional bal-balan Italia nalika tanggal 29 Oktober 1997.[18] Debutipun Buffon wonten timnas inggih menika kangge nggantos kiper utama Gianluca Pagliuca ingkang ngalami cedera nalika badhe nglampahi laga play off Piala Donya 1998 nglawan tim nasional bal-balan Rusia.[18] Yuswanipun nalika nglampahi debutipun wonten ing timnas nalika taun 1997 inggih menika nembe 19 taun.[18] Piyambakipun uga kalebu wonten ing dhaptar 23 pemain ingkang dipunbekta pelatih kangge Piala Donya 1998, nanging piyambakipun dereng pikantuk kesempatan kangge main.[18] Buffon uga termasuk anggota tim Italia wonten ing Olimpiade Atlanta 1996, Piala Donya 2002, lan Euro 2004.[18] Buffon sejatosipun uga dados pilihan utama Dino Zoff kangge kiper wonten ing Piala Eropa 2000, nanging 8 dina saderengipun kompetisi dipun wiwiti, astanipun cedera ingkang ndadosaken piyambakipun kedah digantos dening Francesco Toldo.[18] Sakdawanipun putaran final Piala Donya 2006 ing Jerman, Buffon saged tampil kanthi maksimal lan piyabakipun namung kebobolan 2 gol lan uga kacathet kaping 5 nglakokaken clean sheet. Cathetan sanesipun saking Buffon wonten ing PD 2006 inggih menika piyambakipun saged mboten kebobolan sakdawane 453 menit. Buffon kebobolan kaping kalih nalika jaman semanten inggih menika saking gol bunuh diri Cristian Zaccardo nalika ngadhepi tim nasional bal-balan Amerika Serikat lan gol penalti saking Zinedine Zidane nalika wonten ing final.[19] Buffon uga dados pahlawan wonten ing final PD 2006, nalikanipun saged menangaken wnten ing drama adu pinalti.[19] Buffon saged nahan tendangan saking David Trezeguet lan saking penaltinipun Fabio Grosso, Italia saged dados juwara Piala Donya 2006.[20][21] Saking prestasinipun kala wau, Buffon lajeng pikanthuk kanugrahan Lev Yashin.[22] Nalika Euro 2008, Gianluigi Buffon dados kapten timnas nggantos Fabio Cannavaro ingkang mundur saking turnamen merga cedera.[23] Wonten ing pertandhingan penyisihan grup lawan tim nasional bal-balan Rumania tanggal 13 Juni, Buffon sukses nahan pinalti saking Adrian Mutu.[23] Buffon uga saged tampil luar biasa nalika lawan Perancis wonten ing pertandingan pungkasan grup. [23] Tanggal 14 Juni 2010 wonten ing Piala Donya 2010, Buffon diganti nalika babak pisanan sasampunipun Italia namung imbang lawan tim nasional bal-balan Paraguay ing Grup F.[24] Alasan digantosipun Buffon inggih menika merga piyambakipun cedera urat syarafipun kambuh lan Italia uga gagal wonten ing PD 2010.[25]

[sunting] Kiper Paling Apik Abad 21

Gianluigi Buffon pikantuk pangalembana minangka kiper paling sae sadonya ing abad 21 dening Federasi Bal-balan Sejarah lan Statistik Internasional (IFFHS).[26] IFFHS ngempalaken data saking saeindhenging donya, ngantos pungkasanipun Buffon pikantuk poin paling kathah saengga panjenenganipun pikantuk predhikat kiper paling sae sadonya.[26] Panjenenganipun ngoleksi 199 poin.[26]

[sunting] Data Karier

[sunting] Klub

Data statistik saking Buffon wonten ing klub Parma lan Juventus:

Klub Musim Kompetisi Liga Piala Eropah Liyane Total
Main Gol Main Gol Main Gol Main Gol Main Gol
Parma 1995–96 9 0 1 0 0 0 10 0
1996–97 27 0 1 0 1 0 0 0 29 0
1997–98 32 0 6 0 8 0 46 0
1998–99 34 0 10 0 11 0 55 0
1999–2000 32 0 0 0 8 0 1 0 42 0
2000–01 34 0 2 0 7 0 43 0
Total 168 0 20 0 36 0 1 0 225 0
Juventus 2001–02 34 0 1 0 10 0 45 0
2002–03 32 0 0 0 15 0 1 0 48 0
2003–04 32 0 0 0 6 0 1 0 39 0
2004–05 37 0 0 0 11 0 48 0
2005–06 18 0 2 0 4 0 0 0 24 0
2006–07 37 0 3 0 40 0
2007–08 34 0 1 0 35 0
2008–09 23 0 2 0 5 0 30 0
2009–10 27 0 1 0 7 0 35 0
2010–11 16 0 1 0 17 0
2011–12 1 0 0 0 1 0
Total 291 0 11 0 58 0 2 0 362 0
Total 459 0 31 0 94 0 3 0 587 0

[sunting] International

Dhata statistik Buffon wonten ing tim nasional bal-balan Italia:[27]

Italia Tim Nasional
Taun Apps Gol
1997 1 0
1998 3 0
1999 8 0
2000 4 0
2001 7 0
2002 12 0
2003 7 0
2004 12 0
2005 3 0
2006 15 0
2007 8 0
2008 9 0
2009 11 0
2010 2 0
2011 6 0
Total 108 0

[sunting] Gelar

[sunting] Klub

Parma
Juventus

[sunting] Internasional

Italia U21
Italia

[sunting] Pribadi


[sunting] Pranala Njawi

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

[sunting] Cathetan suku

  1. a b Situs rasmi Juventus Football Club Indonesia, Copyright ©2009. Dipuntingali tanggal 22 Maret 2011.
  2. Dipuntingali tanggal 11 Maret 2012.
  3. a b c d Situs rasmi KapanLagi.com, Copyright © 2009 - 2011. Dipuntingali tanggal 22 Maret 2011.
  4. Gianluigi Buffon Biography
  5. a b c d e Gianluigi Buffon Biography
  6. Expecting: Gianluigi Buffon and Alena Seredova
  7. a b c d e www.rsssf.com
  8. a b c d e "Roma nearly signed Buffon", Football Italia. diaksès tanggal 25 December 2007. Archived from the original on 2 May 2008. 
  9. a b "Juve land £32.6m Buffon", BBC Sport, 4 July 2001. diaksès tanggal 6 April 2010. 
  10. "Acquistato Buffon", Juventus FC, 3 July 2001. diaksès tanggal 6 April 2010. (Italian) Archived from the original on 7 September 2001. 
  11. Nedved: I can retire happy
  12. "Zidane al Real", Juventus F.C., 2001-07-09. diaksès tanggal 2010-04-06. (Italian) Archived from the original on 2001-08-06. 
  13. Reports and Financial Statements at 30 June 2002. Juventus F.C.. URL diaksès tanggal 2010-03-08
  14. a b c d e Milan lift European crown
  15. http://www.uefa.com/uefasupercup/news/newsid=95982.html
  16. a b "Fifa names greatest list", BBC, 2004-03-04. diaksès tanggal 2007-04-30. 
  17. Abbiati and Juventus - VIDEO
  18. a b c d e f (id)olahraga.infogue.com olahraga.infogue.com
  19. a b Italy-United States Match Report
  20. 2006-07-09, "Italy 1–1 France: Italy triumph as Zizou explodes", ESPN Soccernet
  21. France-Italy Match Report
  22. , "FIFA World Cup "Lev Yashin" Award"rssf.com
  23. a b c 2008-06-22, "Spain 0 – 0 Italy", ESPN Soccernet
  24. (id)Cedera, www.republika.co.id Buffon Mundur dari Piala Dunia - Republika
  25. "World Cup 2010: Gianluigi Buffon's World Cup in doubt", BBC Sport, 2010-06-15. diaksès tanggal 2010-06-15. 
  26. a b c (id)Gianluigi Buffon Kiper Terbaik Abad 21 dipunundhuh tanggal 11 Maret 2012
  27. http://www.rsssf.com/miscellaneous/buffon-intl.html

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gianluigi_Buffon&oldid=670701"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès