Geumsan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kabupaten Geumsan

Geumsan (금산군) yaiku sawijining kabupaten kang dumunung ing sisih paling kidul Propinsi Chungcheong Kidul, Korea Kidul.[1] Geumsan dadi penghubung antarane wilayah Yeongnam lan Honam. Dhaerah iki dikenal minangka pusat perkebunan ginseng kang paling gedhe ing Korea.[1]

[sunting] Ginseng Geumsan

Geumsan minangka penghasil ginseng ing Korea lan wis suwe dadi komoditas ekspor Korea amarga kuwalitase kang apik.[1] Wilayah Geumsan kasusun saka dataran tinggi minangka tegal kang apik kanggo nandur ginseng.[1] Geumsan mroduksi pirang-pirang jinis ginseng ing antarane yaiku ginseng banyu (susam), baeksam (ginseng putih), ginseng abang (hongsam) lan taegeuksam.[1]

[sunting] Festival Ginseng Geumsan

Festival Ginseng Geumsan yaiku festival kang dianakake saben setaun kanggo mromosekake kutha Geumsan lan produk ginsenge.[2] Festival iki dianakake sepuluh dina sawise dina raya Chuseok.

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e Kim, Mi-ok (Winter 2000). "Geumsan Ginseng and Herbal Market". Koreana 14.
  2. (en)Geumsan Insam(Ginseng) Festival, visitkorea. Diundhuh 29 Mei 2010.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Geumsan&oldid=540011"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès