Gethuk gorèng
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Jawa |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | ketéla pohung |
Gethuk gorèng pinika dhaharan jajanan ingkang dipundamel saking bahan ketéla pohung lan dipunbumboni nganggé gendhis klapa. Gethuk gorèng misuwur saking tlatah Sokaraja
Sajatinipun jinis dhaharan punika dipunpanggihi tanpa sengaja déning pak Sanpirngad satunggiling bakul sekul ing taun (1918) ing tlatah Sokaraja. Rikala samanten gethuk ingkang dipunsadé mboten pajeng, dados piyambakipun pados akal supados taksih saged dipunkonsumsi. Lajeng gethuk ingkang mboten telas dipunsadé dipun-gorèng kaliyan dipunsadé malih.
Jabulipun panganan modhèl énggal punika dipunremeni para tiyang ingkang tumbas.
Kala samanten gethuk gorèng saged dipunpanggihi sairinging margi ing Sokaraja. Gethuk ingkang dipun-gorèng ugi mboten gethuk ingkang mboten pajeng malih ananging pancèn sengaja dipundamel kanggé dipun-gorèng. Raosipun gethuk gorèng Sokaraja punika manis saha gurih.
[sunting] Kapurih Ugi Kersa Mriksani
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||