Georges Bataille
| Filsafat Kilèn Filsafat abad kaping 20 |
|
|---|---|
|
Jeneng |
Georges Bataille |
|
Lair |
{{{birth}}} |
|
Aliran/tradisi |
|
|
Mènèhi pengaruh marang |
Hegel · Marx · Nietzsche |
|
Kena pengaruh saka |
Michel Foucault · Jacques Derrida · Maurice Blanchot · Jean Baudrillard · Michel Onfray |
Georges Bataille miyos ing Billion, Prancis, nalika warsa 1897.[1] Ramanipun dados wuta paningalipun saderengipun Bataille miyos lan lumpuh sepalih saderengipun Georges Bataille genep tigang warsa yuswanipun.[1] Wonten ing cuplikan-cuplikan autobiografinipun, Georges Bataille ngeklaim menapa ingkang dipunraosaken ramanipun sababipun inggih menika amargi penyakit sifilis.[1] Georges Bataille ngakeni bilih pengalaman nalika alitipun ingkang kados menika ingkang diangge wonten ing karya fiksinipun.[1]
Babagan kangerian ingkang asring medal ing karya fiksi Bataille dipunpengaruhi prastawa tilar donya ramanipun.[1] Karyanipun Georges Bataille, ingkang fiksi utawi ilmiah asring nggadhahi inti crita ing babagan kangerian lan kecabulan.[1] Salah satunggalipun conto, wonten ing buku karya Bataille ingkang irah-irahanipun Eroticsm, Georges Bataille nengenaken kados pundi erotis menika kanthi jlentreh lan kalebet penyerangan dhumateng dhiri pribadi ingkang murni.[1][2] Amargi menika, miturut cara ingkang boten sadar wonten gegayutanipun kaliyan tilar donya ramanipun.[1] Wonten ugi ing karya sanesipun Tears of Eros, Georges Bataille nggadhahi pamanggih bilih adhedhasar sajarah, seni tansah wonten gegayutanipun kaliyan kangerian.[1] Amargi menika, seni tansah dipunwiwiti saking gua-gua, kados ingkang dipunpanggihi ing Lascaux, Prancis.[1]
Pranala Njawi [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.